Breaking

Tuesday, June 9, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 PIDHATO LAN PAMBIWARA

Pidato dan Pembawa Acara


Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, rasa pangrasa, gagasan, warta, lan sapanunggalane. Pidhato ditindakake ing sangarepe wong akeh. Pidhato uga diarani medhar sabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan.

 

DASANAMA PIDHATO

Pidhato uga lumrah diarani sesorah, medhar sabda,  lan tanggap wacana.

  • Sesorah yaiku crita ngandharake sawijining bab.
  • Medhar sabda yaiku ngandharake tetembungan sarana swara.
  • Tanggap wacana yaiku nampani utawa mangsuli gunem.

 

STRUKTUR TEKS PIDHATO

Urut-urutane pidhato:

  • Salam pambuka yaiku isine ngucapake salam marang para rawuh utawa tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane.
  • Purwaka yaiku Isine pangucap syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung.
  • Isi utawa wigatining pidhato yaiku medharake apa bae kang dadi wigatining pidhato.
  • Pangarep-arep yaiku nyuwun donga pangestu marang para rawuh utawa tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan apadene pitutur. 
  • Panutup yaiku isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbokmenawa anggone pidhato ana kaluputan ing bab basa lan tindak-tanduk.
  • Salam panutup  yaiku ngaturake salam marang para rawuh.

 

TUJUWANE NINDAKAKE PIDHATO

Pidhato miturut tujuane kaperang dadi telu.

  • Menehi hiburan yaiku katindakake nalika ing acara pahargyan, acara hiburan, kang tujuane iku gawe sumringah, seneng utawa gumbira. Pamicara mung ngandharake babagan kang nyenengake uga nganggo basa kang kepenak.
  • Menehi kawruh yaiku ngandharake babagan kanthi sacetha-cethane supaya pamirenge mangerti kanthi jelas. Pamicara bisa nganggo conto, bandhingan, katrangan lan liya-iyane kang migunani supaya luwih gamblang.
  • Mujudake pangajak yaiku ngandharake alasan, bukti, lan tuladha kanggo ngajak pamirenge supaya tumindak padha utawa jumbuh karo kang dikarepake. Pidhato jinis iki biasane katindakake nalikane kampanye utawa promosi.


Pidato Jawa
Atur Pasrah Panganten

PAMBIWARA

Pambiwara yaiku paraga kang ngandharake tata lakune acara ing sangarepe para tamu utawa wong liya. Pranatacara yaiku paraga kang nata lakune acara.

 

STRUKTUR TEKS PAMBIWARA

  • Purwaka yaiku atur pangandikan minangka pambuka. Parangane purwaka ing antarane asung pakurmatan marang para tamu, muji syukur marang ngarsaning Gusti Kang Murbeng Dumadi, ngaturake gatining ayahan, ngaturake reroncening adicara, tata laksitaning adicara kawaca saka pambuka nganti tekan panutup, banjur para tamu kasuwun lenggah kanthi sekeca, angantu adicara sabanjure.
  • Isi utawa peranganing isi kang wigati yaiku isining pangandikan sing kagolong wigati tumrap panata adicara kayata ngaturake saben-saben adicara. Anggone ngaturake adicara sing arep lumaku kudu cetha. Siji-siji para paraga kang nyengkuyung diaturi kanthi cetha.
  • Wasana yaiku atur kang minangka panutup, dene perangan wasana, tumrap panata adicara ing antarane:
  • Njaluk pangapura tumrap sakabehing kekurangan sarta kaluputan anggone nindakake jejibahan sarta sakabehing kekurangane kang mengku gati anggone atur lungguh suguh.
  • Ndherekake sugeng kondur marang para tamu
  • Ngaturake adicara panutup kanthi salam panutup


TULADHA PIDHATO

Video iki minangka tuladha pidhato ing adicara pawiwahan panganten uatawa ular-ular panganten kanthi irah-irahan Ma-Lima. Mangga ditonton kanthi permati!


 

Sugeng angudi ngelmu!


No comments:

Post a Comment