Breaking

Tuesday, June 9, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 SANDHIWARA MODERN

Drama Modern Jawa

Sandhiwara yaiku crita panguripan sing dipindhah lan diwujudake ana ing panggung, kanthi kreativitase panulis teks utawa naskah, disengkuyung karo paraga-paraga liyane, rupa pacelathon utawa dhialog, lan tingkah laku. Ing saben pementasan sandhiwara perangan kang paling penting lan luwih dhisik kudu ana, yaiku teks sandhiwara lan piye carane nulis teks sandhiwara.

Teks sandhiwara modern menawa ditintingi bisa kaperang dadi loro, ing antarane (1) blegere teks dumadi saka struktur teks, unsur basa, lan nilai moral utawa budi pekerti, relevansi nilai budi pekerti, lan (2) carane nulis teks sandhiwara prasaja (sederhana). Teks sandhiwara bisa diarani sandhiwara wutuh yen dipentasake, mula ing wulangan iki uga bakal kaandharake sapa bae sing nyengkuyung pementasan sandhiwara lan piye carane main sandhiwara.

 

STRUKTUR TEKS SANDHIWARA MODERN

Stuktur sandhiwara modern kayata:

  • Tetepungan utawa eksposisi yaiku tetepungan karo paraga (tokoh), latar utawa setting, prakara lan prastawa, sing ana sajerone teks drama. 
  • Pasulayan utawa kompikasi, tegese wis ana perkara sing bakal dadi underan utawa pokok lan ndadekake aluring crita. 
  • Puncaking perkara utawa klimaks, yaiku prakara wis tambah ngambra-ambra lan ruwet.  
  • Karampungan utawa resolusi, tegese prakara wis nemokake dalane kanggo ngrampungi.

 

CARANE NULIS NASKAH SANDHIWARA

Lakone teks sandhiwara sumbere saka lelakon ing kasunyatan uripe manungsa, nanging bisa saka lelakon sing wis rupa crita utawa saka liya-liyane. Ing ngisor iki carane nulis teks sandhiwara prasaja.

  • Milih tema sing bisa dadi inspirasi, tema sing dipilih sing dianggep paling sandhiwaratik utawa ana konflik (pasulayan).
  • Saka tema, nemtokake plot utawa alur.
  • Nemtokake paraga lan watak.
  • Nulis crita jangkep.

 

NINDAKAKE PAGELARAN SANDHIWARA

Dhasar-dhasar main sandhiwara. Paraga utawa pemeran bisa maragakake lan nguripake tokoh sing ana ing teks sandhiwara kudu paham lan nguwasani dhasar-dhasare main sandhiwara. 

Dhasar-dhasar main sandhiwara sing paling penting kudu dikuwasani kayata:  

  • Interpretasi yaiku paraga utawa pemeran kudu bisa nginterprestasekake teks utawa naskah sandhiwara salaras karo tokoh sing diparagakake. 
  • Ekspresi yaiku sesambungan karo owah-owahan praen utawa wajah sing bisa nggambarake lan nguripake tokoh ing sandhiwara.
  • Olah awak yaiku obahing awak wiwit saka pucuk rambut ngantos pucuk sikil sing bisa nuwuhake greget lan nguripake tokoh ing sandhiwara.
  • Olah swara yaiku kajelasan, katepatan vokal, artikulasi, dan intonasi.

Sugeng angudi ngelmu!

 


No comments:

Post a Comment