Breaking

Tuesday, June 9, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 TEKS LAPORAN KEGIATAN

Menyusun Laporan Kegiatan


Laporan kegiatan yaiku laporan kang disusun sawise kegiatan wis rampung dileksanakake. Laporan kegiatan bisa disusun dhewe-dhewe utawa klompok manut kabutuhan. Tujuwan panulisan laporan kegiatan minangka bukti yen kegiatan wis temen-temen ditindakake. Kajaba kuwi uga kanggo pertanggungjawaban marang pawongan utawa lembaga sing menehi tugas kegiatan. Panulise laporan kegiatan kudu runtut, gampang dimangerteni sapa wae.

 

STRUKTUR TEKS LAPORAN KEGIATAN

Struktur teks laporan kegiatan kedadean saka:

  • Pambuka yaiku minangka perangan teks sing nerangake lelandhesan (latar belakang) lan tujuwan nindakake kegiatan. Yen ana lelandhesan aturan sing dienggo, lelandhesan kasebut kudu ditulis.
  • Isi yaiku perangan teks mujudake wosing teks.
  • Panutup yaiku perangan panutupe teks mujudake simpulan laporan. Ing perangan panutup bisa ditambahi panyaruwe utawa saran tumrap lumakune kegiatan, ing pangangkah kegiatan sing ditindakake ing wektu candhake lumaku luwih becik.


Struktur Laporan Kegiatan


UNSUR BASA TEKS LAPORAN KEGIATAN

Unsur basa sing bisa dirembug sajrone sinau teks laporan kegiatan iki arupa jinise ukara. Coba ayo semaken pirembugane iki.

 

Ukara Carita

Ukara carita yaiku ukara sing diandharake kanggo nuduhake kahanane sawijine perkara utawa barang tartamtu.

Tuladha:

  • SMP Tunas Bhakti saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku karya wisata.
  • Yogyakarta kondhang minangka jujugan wisata tumrap wisatawan dhomestik lan wisatawan manca negara.

 

Ukara Sambawa

Ukara sambawa yaiku ukara sing nduweni tujuwan pangarep-arep, paungapama, lan senajan.

Tuladha:

  • Panasa ta klambiku ben ndang garing.
  • Udana ya pariku ben urip.

 

Ukara Lamba

Ukara lamba yaiku ukara sing kedadean saka sagatra (klausa). Ukarane mung dumadi saka jejer lan wasesa sarta bisa ditambah lesan lan katrangan.

Tuladha:

  • Para siswa kelas 9 nulis laporan kegiatan.

 

Ukara Camboran

Ukara camboran kaperang dadi loro, yaiku ukara camboran sajajar lan ukara camboran sungsun.

Ukara camboran sajajar yaiku ukara kang kedadean saka rong gatra utawa luwih. Gatra-gatra kasebut digabung utawa digandheng dadi siji nganggo tembung panggandheng. Gatra kang ana ing ukara camboran sajajar wujud gatra inti kabeh. Tembung panggandheng, tuladhane lan, karo, nanging, dene, lan sapanunggalane.

Tuladha:

  • Bani mangan bakso lan Doni mangan soto.
  • Sumantri awake kuru, nanging gunawan awake lemu.

Ukara camboran susun yaiku ukara kang kedadean saka rong gatra utawa luwih. Salah sijine gatra minangka gatra inti uga diarani ukara baku (induk kalimat), gatra sijine minangka gatra pang (cabang) kang uga diarani ukara tambahan (anak kalimat).

Tuladha:

  • Rina ora melu dolan menyang omahe Gina jalaran dheweke lara.
  • Nalika Dwiki mulih sekolah simbahe lagi sare ing kamar.

 

TATA CARA NULIS TEKS LAPORAN KEGIATAN

Nulis teks laporan kegiatan kudu katindakake adhedhasar asil sawise nindakake kegiatan. Ana bab-bab sing kudu digatekake sajrone nulis teks laporan kegiatan, yaiku:

  • Teks laporan kegiatan ditulis sawise nindakake kegiatan.
  • Gatekna struktur teks lan unsur basane, supaya sajroning nulis nduweni paugeran.
  • Olehe nulis ora kena nyimpang saka dhata sing wis direkam utawa ditulis nalika nindakake kegiatan.
  • Tulisen teks laporan kegiatan kanthi runtut miturut cengkorongan sing wis dirantam.

 

PEPELING

Unsur 5W lan 1H ing teks laporan kegiatan:

  • What tegese apa yaiku tembung apa gunane kanggo nakokake barang.
  • Who tegese sapa yaiku tembung sapa gunane kanggo nakokake wong.
  • Why tegese geneya yaiku tembung geneya, kadhang uga dianggo tembung kena apa, nyangapa gunane kanggo nakokake alasan.
  • When tegese kapan yaiku tembung kapan gunane kanggo nakokake wayah utawa wektu.
  • Where tegese ing endi yaiku tembung ing endi gunane kanggo nakokake papan panggonan.
  • How tegese kepriye yaiku tembung kepriye gunane kanggo nakokake cara.


MACA TEKS LAPORAN KEGIATAN

Maca seru yaiku maca kanthi swara lan migatekake pakecapan, andhegan, lan wirama.

  • Pakecapan (lafal) yaiku macane teks laporan kegiatan kudu cetha manut karo tata panulisane, mligine tumrap aksarane.
  • Andhegan (jeda) yaiku macane teks laporan kegiatan kudu manut karo tandha pawacan ing tata panulisane.
  • Wirama (intonasi) yaiku macane teks laporan kegiatan kudu cetha upamane ora kena kalonen utawa kecepeten.

 

Sugeng angudi ngelmu!

No comments:

Post a Comment