Breaking

Wednesday, June 10, 2020

TEMBUNG MAWA PANAMBANG DITULIS NGANGGO AKSARA JAWA

Panambang Ditulis Nganggo Aksara Jawa

Panambang yaiku rimbaging tembung kang mapan ana ing mburine ukara, yen ing Basa Indonesia diarani akhiran. Panulisane panambang nganggo aksara Latin beda karo Aksara Jawa. Ana ing pasinaon iki bakan diandharake tata cara panulisane panambang nganggo Aksara Jawa.


TEMBUNG MAWA PANAMBANG {-I}

Tumrap tembung lingga kang wekasane aksara sigeg (konsonan), manawa oleh panambang {-i}, panulise ing aksara Jawa konsonan kasebut kudu rangkep.

Tuladha:

Aksara Jawa Panambang I Konsonan

Tumrap tembung lingga kang wekasane aksara swara (vokal), manawa oleh panambang {-I} kapitulungan panambang {-an}, lan panulise ing aksara Jawa, aksara na kudu ditulis rangkep.

Tuladha:

Panambang I


TEMBUNG MAWA PANAMBANG {-AKE}

Tumrap tembung lingga kang wekasane aksara sigeg (konsonan), manawa oleh panambang {-ake}, panulise ing aksara Jawa konsonan kasebut kudu rangkep.

Tuladha:

Aksara Jawa Panambang Ake

Tumrap tembung lingga kang wekasane aksara swara (vokal) panulise bares wae (ora rangkep), nanging muncul aksara sigeg ka.

Tuladha:

Aksara Swara lan Panambang Ake Nganggo Aksara Jawa


TEMBUNG MAWA PANAMBANG PANAMBANG {-E} LAN {-NE}

Panambang {-e} lumrahe sinambung ing tembung lingga kang wekasane aksara sigeg (konsonan), panulise ing aksara Jawa konsonan kasebut kudu rangkep.  

Tuladha:

Panambang E Nganggo Aksara Jawa

Panambang {-ne} lumrahe sinambung ing tembung lingga kang wekasane aksara swara (vokal), panulise ing aksara Jawa bares wae (ora rangkep).

Tuladha:

Panambang Ne Nganggo Aksara Jawa

 

TEMBUNG MAWA PANAMBANG {-A}

Tumrap tembung lingga sing wekasane vokal a, yen sinambung karo panambang (-a}, panulise bares wae.

Tuladha:

Panambang A Aksara Jawa

Tumrap tembung lingga sing wekasane vokal i utawa e, yen sinambung karo panambang {-a}, panulise panambang {-a} owah dadi ya.

Tuladha:

Panambang A Aksara Jawa

Tumrap tembung lingga sing wekasane vokal u utawa o, yen sinambung karo panambang {-a}, panulise panambang {-a} owah dadi wa.

Tuladha:

Panambang A Nganggo Aksara Jawa

Tumrap tembung lingga sing wekasane aksara sigeg (konsonan), yen sinambung karo panambang {-a}, panulise ing aksara Jawa konsonan kasebut kudu rangkep

Tuladha:

Panambang A Nganggo Aksara Jawa

 

TEMBUNG MAWA PANAMBANG {-ANA}

Tumrap tembung lingga kang wekasane aksara sigeg (konsonan), manawa antuk panambang {-ana}, panulise ing aksara Jawa konsonan kasebut kudu rangkep.

Tuladha:

Panambang A Nganggo Aksara Jawa

Tumrap tembung lingga kang wekasane aksara swara (vokal), panulise muncul aksara na lan kudu ditulis rangkep.

Tuladha:

Panambang A Nganggo Aksara Jawa

 

TEMBUNG MAWA PANAMBANG {-EN}

Tumrap tembung lingga kang wekasane aksara sigeg (konsonan), manawa antuk panambang {-en}, panulise ing aksara Jawa konsonan kasebut kudu ditulis rangkep.

Tuladha:

Panambang Ake Nganggo Aksara Jawa 

Tumrap tembung lingga kang wekasane aksara swara (vokal), manawa antuk panambang (-en) kapitulungan panambang {-an} lan panulise ing aksara Jawa bares wae (ora rangkep)

Tuladha:

Panambang Ake Nganggo Aksara Jawa

 

TEMBUNG MAWA PANAMBANG {-NA}

Tumrap tembung lingga kang wekasane aksara sigeg (konsonan) utawa aksara swara (vokal), manawa antuk panambang (-na), panulise ing aksara Jawa bares wae (ora rangkep), nanging muncul aksara sigeg ka tumrap tembung lingga kang wekasane vokal.

Tuladha:

Panambang Na

Sawise maca materi kasebut banjur wangsulana pitakonan ing kene!

No comments:

Post a Comment