Breaking

Sunday, June 7, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 8 TEMBANG MACAPAT

Tembang Macapat Kelas 8


Tembang macapat yaiku salah siji jinise tembang ing kasusastran Jawa. Tembang macapat uga diarani tembang cilik kang cacahe ana sewelas. Mula bukane diarani macapat, yaiku carane maca papat-papat utawa macane ’cepat-cepat’. Macane tembang macapat kang nganggo paugeran papat-papat iku kudu dilarasake karo paugerane pamedhote gatra tembang supaya bisa ngatur anggone unjal napas.


PAUGERAN TEMBANG MACAPAT

Tembang macapat kalebu karya sastra kang nduweni daya kekuwatan lan kaendahan. Tembang macapat iku minangka salah siji wujud tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani tembang tradhisional, amarga kaiket ing aturan utawa paugeran tartamtu.

Paugeran-paugeran jroning tembang macapat, yaiku:

  • Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada.
  • Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra.
  • Guru lagu yaiku tebaning swara ing pungkasaning gatra.


Jinis Tembang Macapat


SASMITA, WATAK, LAN PANGANNGGONE TEMBANG MACAPAT

Saliyane paugeran tembang macapat arupa guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, tmbang macapat uga nduweni sasmita watak, lan panganggo sing wis gumathok.


No

Tembang

Sasmita

Watak

Pangganggone

1

Kinanthi

kinanthi, kanthi, gandheng, kanthil

seneng, asih, lan tresna

medharake piwulang crita kang ngemu rasa asmara lan gandrung-gandrung

2

Pucung

pucung, kaluwak, wanda ‘cung’

kendho lan tanpa greget saut

crita kang mung sakepenake dhewe lan tanpa kamempengan

3

Asmarandana

asmaradana, asmara, brangta, kingkin, yungyun

sengsem, sedhih, lan prihatin amarga ketaman rasa asmara

crita kang medharake asmara

4

Mijil

mijil, pamijil, wijil, wiyos, raras, medal, sulastri

wedharing rasa

medharake pitutur, nanging uga kena kanggo crita gandrungan

5

Maskumambang

maskumambang, kampul, mas kentir, kambang, kentir

nelangsa

medharake rasa-pangrasa kang ngeres, nggreges, lan nelangsa kang karanta-ranta

6

Pangkur

pangkur, wuntat, pungkur, ungkur,  yudakenaka, ungkur

sereng

pitutur kang asipat sereng, kanggone gandrung kang asipat sereng yaiku gandrung-gandrung kapirangu, uga crita   perang

7

Sinom

sinom, taruna, anom, weni, nom, srinata, pamase, logondhang, rema, pangrawit, mudha

grapyak lan renyah

sesorah lan mituturi

8

Dhandhanggula

sarkara, hartati, dhandhang, madu, manis, sari, bremana, guladrawa, gagak, kaga, tresna

luwes lan resep

bebuka medharake piwulang, gandrungan, lan kanggo panutupe karangan kang sinawung ing tembang macapat ( asipat luwes)

9

Durma

durma, dur, undur, sirna, galak

muntab

medharake rasaning ati kang nepsu lan crita perang

10

Gambuh

gambuh, buh, jumbuh, tambuh

rumaket lan kulina

medharake pitutur kang rada sereng amarga wis keduga

11

Megatruh

dudukwuluh, truh, megatruh, pegat, duduk, wuluh, luh

sedhih utawa kingkin kaworan nglokro

medharake rasa gegetun, nelangsa, lan keranta-ranta

 

NULIS TEMBANG MACAPAT

Tata panulise tembang macapat iku kudu ngugemi paugeran, yaiku guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. Kejaba paugeran kasebut, supaya bisa nulis tembang macapat kanthi becik uga kudu  nggatekake tembung-tembung kang dadi sasmitaning tembang lan uga wewatakane tembang macapat. 

Kanthi paugeran guru gatra, guru wilangan, guru lagu, sasmita tembang, lan watak tembang, kita bisa nulis tembang macapat. Carane nulis tembang macapat supaya luwih gampang kanthi urutan kaya mengkene:

  • Temtokna lan tulisen ngenani gagasan apa sing arep kokgawe tembang, saengga  bisa mangerteni wewatakane.
  • Temtokna tembang  apa sing arep kokgawe.
  • Tulisen  guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune.
  • Nggawea ukara-ukara kang salaras karo paugerane tembang.
  • Tlitinen maneh tembung-tembunge, lan ukara-ukara kang kokgawe mau kudu cocok karo paugerane tembang sing kokgawe.

 

NGGANCARAKE TEMBANG MACAPAT

Wewujudane tembang macapat iku saemper karo geguritan, yaiku awujud puisi. Tembang macapat uga kaiket dening paugeran, guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. Tuladhane wewujudane tembang macapat, yaiku wenang nggunakake baliswara lan dayasastra. Mula wujude ora kaya lumrahe reriptan sastra kang awujud gancaran.

Ukara sajrone gancaran iku, polane kang baku dumadi saka jejer lan wasesa. Saengga, cara kanggo mangerteni isine kudu digancarake luwih dhisik. Cara nggancarake tembang macapat iki ing kasusastran Indonesia sinebut parafrase. Tatacarane kaya mangkene.

  • Ukara-ukara kang iketane nggunakake baliswara kudu diwudhari luwih dhisik dadi ukara gancaran
  • Tembung-tembung kawi ditegesi kanthi disalini tembung lumrah utawa basa saben dina.
  • Yen ana tembung garba utawa sandhi, mula kudu diwudhari.
  • Samangsa perlu, kena nyuda utawa ngimbuhi tembung kanggo nglarasake ukara.

 

TATA CARA NEMBANG MACAPAT

Supaya bisa nglagokake tembang macapat kanthi apik, lumrahe kudu ngerteni bab-bab, kayata:

  • Nguwasani tembang, amarga jinise tembang macapat iku ana 11, sajroning nembangake tembang saben pupuh beda jinis tembange.
  • Kudu mangerteni watake tembang.
  • Mangerteni guru wilangan lan guru lagu saben tembang macapat.
  • Kudu mangerteni tegese tembung utawa makna bahasa sing diwaca ing tembang.
  • Nguwasani lan mangerteni dununging andhegan, aja nganti mancah sawijining tembung.
  • Yen ta amiwiti nembang gumantung wates tebaning swarane dhewe-dhewe aja nganti mblero kendheken utawa kedhuwuren.
  • Mangerteni lan nguwasani ngenani tempo jroning macapat, aja kendheken utawa kedhuwuren, kira-kira padha ukarane kaya maca gancaran. Antarane saben seleh lan saben amiwiti nembang aja kesuwen utawa kecepeten.

 

PEPELING TUMRAP TEMBANG MACAPAT

Tembang macapat salah sijine kagunan seni budaya Jawa sing mulangake budi pekerti luhur lan ajaran agama. Ing jaman para Wali Sanga, tembang dadi sarana medhia dakwah. Ing jaman kang sarwa canggih kaya ing jaman saiki, akeh kang padha kepencut ing urusan ndonya wae. Pikiran lan pangrasane (perasaan) tumplek bleg kapunjerake ing masalah ekonomi, informasi, politik, lan sapanunggalane. Kegiatan-kegiatan kang asipat gaul, modern, dadi pilihan utama, kayata konser musik lan sapanunggalane. Kahanan kang kaya mangkene iki njalari akeh generasi mudha kurang nduweni greget marang kabudayan, lan olah rasa. Tundhane, sastra, seni, lan budaya ora nduweni daya kanggo ngrembaka.


TULADHA TEMBANG MACAPAT

Tembang Dhandhanggula Surabaya


Sugeng angudi ngelmu!

No comments:

Post a Comment