Breaking

Tuesday, June 9, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 SANDHIWARA TRADHISIONAL

Drama Tradisional

Masarakat Jawa wis kondhang ing babagan seni budayane kang adiluhung, luwih-luwih kang arupa sandhiwara tradhisional. Kesenian Jawa kang sumebar ing masarakat iku maneka warna, kaya ta ludruk, kethoprak, wayang wong, lan maneka warna jinis tarian.

Contoh Drama Tradisional

STRUKTUR TEKS SANDHIWARA TRADHISIONAL

Struktur teks sandhiwara tradhisional bisa disumurupi liwat unsur instrinsik kang ana ing naskah. Unsur mau dumadi saka:

  • Tema yaiku gagasan pokok kang dikembangake dadi crita kang digelar ing pementasan sandhiwara tradhisional. 
  • Alur yaiku tata urutan lumakune crita ing naskah utawa pagelaran sandhiwara tradhisional.
  • Setting utawa latar yaiku gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar. Dumadi saka gegambaraning panggonan, gegambaran waktu, lan gegambaran swasana nalika prastawa dumadi.
  • Paraga lan watak yaiku nggambarake sapa sing dadi rol utawa paraga utama, paraga panyengkuyung, sarta nggambarake kepriye watak saben paraga.
  • Piwulang utawa amanat yaiku pesan moral kang kinandhut ing crita utawa pementasan sandhiwara tradhisional 


NGGOLEKI PIWULANG SANDHIWARA TRADHISIONAL

Piwulang utawa pesen moral yaiku pesen pangripta kang arep diaturake marang para maos. Ancas lan tujuwane amrih para maos nindakake apa kang dikarepake dening pangripta.

Carane nggoleki piwulang kaya mangkene.

  • Ngeling-eling  wacan nganti mangerteni temenan isine wacan
  • Nggawe dudutan saka isine wacan, apa sing dikarepake pangripta.

Sugeng angudi ngelmu!


No comments:

Post a Comment