Breaking

Tuesday, June 9, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 TEKS LAPORAN OBSERVASI

Teks Laporan Observasi

Teks laporan observasi yaiku karya tulis ilmiah ngenani panliten kang wis ditindakake. Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa.  Wis samesthine yen basa kang digunakake basa kang baku, beda karo basa kang digunakake ing karya sastra.

 

STURKTUR TEKS LAPORAN OBSERVASI

Diagram Struktur Teks Laporan Observasi

  • Dhefinisi umum utawa idhentifikasi yaiku perangan sing nerangake titikan, barang, tandha, lan sapanunggalane.
  • Dheskripsi bagean utawa klasifikasi yaiku perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa klompoke, utawa perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci.
  • Dheskripsi manfaat utawa kagunan yaiku perangan sing mujudake simpulan utawa dudutan saka asile observasi.

 

AKSARA REKAN

Aksara rekan, yaiku aksara kang sengaja direka utawa digawe kanggo njangkepi cacahe aksara kang bisa katulis nganggo aksara Jawa. Gunane aksara rekan kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung kang asal saka basa Arab. Manawa ora dicethakake, yen kang katulis iku tembung manca, mung cukup katulis nganggo aksara lumrah wae. Aksara rekan ora kena kanggo pasa, kejaba aksara ‘fa’.

Cacahe aksara rekan iku ana lima dene wujude aksara rekan kaya ing ngisor iki.

Bentuk Aksara Rekan
 

ANGKA JAWA

Wujude angka Jawa kaya mangkene.

Bentuk Angka Jawa

Amarga angka Jawa dijupuk saka aksara Jawa mula kanggo mbedakake aksara karo angka digunakake pada pangkat.

Menawa samburine angka Jawa ana pada lingsa utawa pada lungsi, mula samburine angka Jawa banjur tanpa pada pangkat.

Tuladhane:

Dhuwitku ana 78.350.

Contoh Aksara Jawa

Sugeng angudi ngelmu! 

No comments:

Post a Comment