Breaking

Tuesday, June 9, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 8 AKSARA JAWA

Aksara Jawa Kelas 8


Pasinaon Aksara Jawa ing kelas 8 iki bakal nyinaoni telung perangan, yaiku aksara murda, aksara rekan, lan aksara swara. telung perangan Aksara Jawa iku kanggo njangkepi panulisane Aksara Jawa legena, amarga saben perangan mau nduweni guna dhewe-dhewe. 


AKSARA MURDA

Aksara murda iku salah siji saka jinise aksara kang ana ing jagading tata tulis aksara Jawa. Aksara murda tegese aksara sirah utawa aksara sesirah, ing basa Indonesia diarani huruf kapital. Aksara murda gunane kanggo pakurmatan, tegese kanggo ngurmati. Sing lumrah aksara murda kanggo nulis jenenge wong lan jeneng apa wae, kalebu pangkat utawa kalungguhan. 

Tata carane nganggo aksara murda kaya mangkene.

  • Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda, dadi ora kena dipangku lan ora kena dipasangi.
  • Aksara murda cukup ditulis saaksara saben satembung, kapilih kang manggon ing ngarep, yen ora ana ya aksara burine, lan sateruse.
  • Aksara murda bisa diwenehi sandhangan.
  • Aksara murda dijangkepi pasangan saengga bisa dadi pasangan.


Cacahe aksara murda ana 8 (wolu), dumadi saka.


Bentuk Aksara Murda


Aksara murda mung kanggo ing tata prungu, tegese kanggo pakurmatan. Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda. Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda asmane para luhur, jejuluke lan pedunungane minangka pakurmatan. Tuladhane, kayata :

 

Kanjeng Susunan Paku Buwana ing Surakarta Hadiningrat:


Panulise aksara murda ing jaman saiki Prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang tata-caraning uripe kaya manungsa, kayata raseksa, wanara, lan sapanunggalane kang kasebut ing crita padhalangan lan liya-liyane, katulis nganggo aksara murda. Semono uga jenenge panggonan. Cukup nganggo aksara murda siji bae, aksara sing ngarep dhewe. Yen aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane, ya aksara burine, yen burine ora ana murdane, ya burine maneh. Tuladhane, kayata :



AKSARA SWARA

Gunane aksara swara yaiku kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, tegese wis dianggep tembung ing basa Jawa jalaran lumrah digunanake.

Paugeran nggunakake aksara kaya mangkene.

  • Aksara swara ora bisa dadi pasangan, dadi yen ana aksara sigeg ing ngarepe mula kudu dipangku.
  • Aksara swara ora kena diwenenhi sandhangan swara.
  • Tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa nganti arang kang sumurup ditulis tanpa aksara swara.


Aksara swara cacahe mung ana lima, wujude kaya mangkene.




Gunane aksara swara dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, kayata :



Aksara swara ora kena dadi pasangan. Manawa dumunung ing saburine wanda sigeg, aksara sesigeging wanda iku kudu dipangku. Wondene aksara swara [pa]cerek dadine pasangan katulis jejer karo aksara kang dipasangi. Aksara swara [nga] lelet dadine pasangan katulis ing sangisore aksara kang dipasangi, mesthi bae pasangane pepet dumunung ing sadhuwure aksara kang dipasangi.



Tembung manca kang ora dicethakake, luwih-luwih tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa nganti arang kang sumurup yen iku tembung manca, lumrahe katulis tanpa aksara swara. Tuladhane kayata tembung Sansekerta ”aksara” lumrahe mung katulis prasaja, wujude kaya mangkene :



Ananging aksara : [pa] dicerek dadi lelirune re, [nga] dilelet, dadi lelirune [le] kalebu aksara swara, mulane banjur ana sing ngarani yen cacahe aksara swara ana pitu. Bab iku salaras karo kawruh sengkalan, tembung swara dianggep darbe watak wilangan pitu.


Panganggone aksara swara [pa] cerek lan [nga] lelet : 



Sugeng angudi ngelmu!

No comments:

Post a Comment