Breaking

Thursday, May 30, 2019

PUNGKASAN WULAN RAMADAN, NGAMAL APA NGEMALL?

Wulan Ramadan iku minangka wulan suci tumrape umat Islam sing tansah dianti-anti tekane. Akeh ngendikane para kyai utawa ulama ngenani wulan Ramadan, kayata sajrone wulan Ramadan iku wong ngibadah utawa ngamal bakal diwenehi ganjaran sing tikel-matikel dening Gusti Allah, sajrone wulan Ramadan iku setan-setan padha dikunjara ing neraka, lan sapiturute.

Kulina kita rungokake saka para kyai utawa ulama uga, wulan Ramadan sing umure telung puluh dina iku lumrahe diperang dadi telu. Perangan sepisan, yaiku sepuluh dina wiwitan ing wulan Ramadan iku diarani wektu-wektu sing kebak rahmat saka Gusti Allah tumrap umate. Perangan kaloro, yaiku sepuluh dina bacute diarani wektu-wektu sing kebak pangapura saka Gusti Allah tumrap umate. Perangan katelu, yaiku sepuluh dina pungkasan diarani wektu-wektu umate Gusti Allah didohake saka geni neraka.

Banjur yen wis mangerteni kahanane sasi Ramadan sing kaya ngono apa sing kudu dilakoni? Wong nindakake pasa iku sejatine padha karo wong lomba mlayu ing dalanan. Wong mlayu iku lumrahe diwiwiti saka garis start lan dipungkasi ing garis finish. Satemene lomba mesthi ana sing menang lan kalah, nanging kabeh peserta kudu nduweni pangupaya supaya bisa menang. Kahanan kaya mangkono iku uga dumadi tumrap wong pasa ing wulan Ramadan.

Lomba mlayu ana ukurane pirang meter mapane garis finish gumantung jarak dekat, menengah, apa jauh? Dene wulan Ramadan ukurane garis finish cetha manut umure sing lumrahe ana telung puluh dina. Kabeh umat Islam mesthi kepengin pasa kanthi nutug sajrone telung puluh dina lan ora ana sing bolong utawa gothang.

Wulan Ramadan yen mung nindakake pasa bae, tanpa ngibadah liyane mesthi rasane kurang mantep. Mula sajrone wulan Ramadan umat Islam diprayogakake nindakake saperangan ngibadah sunah, kayata sholat tarawih, tadarusan, menehi takjil wong buka, lan sapiturute. Mesthine kabeh mau manut karo kekuwatan lan kabisane dhewe-dhewe.

Apa bener ngibadah sunah iku terus dilakoni? Muga-muga kabeh bisa dilakoni tumeka pungkasane wulan Ramadan. Kasunyatan ing masyarakat sengkude ngibadah iku ora kaya ing wiwitan wulan Ramadan. Ana wiwitane wulan Ramadan mesjid-mesjid utawa langgar-langgar kebak dening wong-wong nindakake sholat tarawih. Malah kala-kala isih kudu nyepakake klasa utawa tikar ana ing plataran mesjid kanggo ngawekani jamaah sing ora kamot ing njero. Banjur wengine isih dibacutake karo tadarusan Al-Quran.

Wong-wong sing nyiyapake takjil kanggo buka uga akeh banget. Ana ing mesjid-mesjid utawa langgar padha digilir tumrap jamaah sing bakal nyiyapake takjil. Kadhang kala uga ana sing ngedum takjil ana ing sapinggire dalan. Mula kanggo wong nindakake pasa sing lagi tindakan lan durung bisa tuku takjil ora perlu kuwatir anggone buka.

Tumrap wong lagi tindakan ana sing bingung arep saur? Kadhang kala wektu wengi kaya ngono iku isih ana wong ngamal kanthi menehi dhaharan saur. Istilah sing kerep keprungu, yaiku sahur on the road. Sawetara wong pancen nduweni kawigaten tumrap wong saur, amarga yen dideleng wong nyiyakake takjil kanggo buka wis akeh, nanging wong nyiyapake takjil kanggo wong saur durung pati akeh.

Semangat ngibadah sing makantar-kantar iku kaya wong lomba mlayu ing wiwitan, kaya-kaya garis finish wis ketara ing ngarep mata. Wong ngibadah mbokmenawa ya ngono, ganjaran saka Gusti Allah wis mungub-mungub kaya ana ing ngarep nripate. Tumrap wong sing kepengin nduweni semangat kabeh mau sah-sah bae.

Wong lomba mlayu sawise teka tengah-tengah dalan yen ora kenceng tekade mesthi tansaya kendho playune. Rasa kesel iku dadi pepalang utawa panggodha tumrap tekade sing kepengin dadi juara. Kaya-kaya garis finish dadi tansaya adoh saka ngarep mripate. Mbokmenawa wong nindakake pasa ing wulan Ramadan uga kaya mangkono.

Wong nindakake sholat tarawih ing wulan Ramadan tambah dina tansaya “maju”. Apa bener wong sholat tarawih tansaya maju? Yen bisa mangkono tenan lak ya becik banget. Karepe maju yaiku tumrap shaf utawa barisane sholat. diakoni apa ora, dideleng apa ora, kasunyatane akeh kahanan sing kaya mangkono. Kahanan iku ora ateges kabeh wong kaya ngono iku ora, isih akeh wong sing sregep sholat tarawih, malah tansaya mempeng ditambahi karo i’tikaf.

Apa sebabe sholat tarawih tansaya maju? Ana pungkasane wulan Ramadan akeh banget panggodha sing teka, senajan wis diandharake mau yen setan padha dikunjara ing neraka. Ana saperangan perkara sing njalari, kayata stamina utawa kekuwatan wis suda kaya nalika wong lomba mlayu lan kagiwang kahanan sabubare wulan Ramadan. Kahanan sabubare wulan Ramadan, yaiku wulan Syawal. Bebasane wulan Syawal iku minangka bebungah utawa hadhiyah tumrap wong pasa. Kahanan iki padha kaya nalika wong lomba mlayu sing mung mbayangake bebungahe bae, kamangka lomba mlayune durung rampung.

Wong sing kagiwang wulan Syawal mesthi lali mula bukane tujuwan nindakake pasa ing wulan Ramadan. Akeh wong sing padha wiwit nyiyapake piranti utawa keperluwan kanggo riyaya. Lumrahe tumrap wong Jawa yen wis wulan Syawal iku ana tradhisi sejarah sing ditindakake kanggo silaturahmi karo sanak sedulur, tangga teparo, apa dene kanca rowang. Persiyapane wong riyaya, kayata sandhang penganggo sing anyar lan dhedhaharan kanggo nyugata para tamu.

Ana unen-unen sing kerep diucapake dening wong-wong ing masyarakat, yaiku pilih ngamal apa ngemall? Lah iki sing kudu dikencengi maneh. Ngamal sing wis ditindakake saka wiwitan wulan Ramadan kudu diterusake, aja nganti lirwa amarga saka panggodha. Ngemall, yaiku tindak menyang mall saperlu blanja keperluwan. Apa karepe ngemall ing wulan Ramadan ora oleh? Yen dipikir ya tetep oleh bae, jer iku anggone blanja nganggo dhuwit-dhuwite dhewe, nanging samesthine aja nganti ngganggu wektu-wektu sing kudune digunakake kanggo ngamal. Mula dakbaleni maneh pitakonku, ing pungkasane wulan Ramadan pilih ngamal apa ngemall?

Wong nindakake ibadah ing pungkasane wulan Ramadan prayogane luwih dikencengi. Niyat sing miyar-miyur kudu diteguhake maneh. Wulan Ramadan durung rampung, tegese anggone pasa lan ngibadah uga durung rampung. Kaya-kaya nalika wong lomba mlayu iku yen wis nyedhaki garis finish kudu dikencengi anggone mlayu supaya bisa dadi juara. Kita durung finish anggone pasa, mula aja mung kegiwang bebungahe bae. Percayaa, dienteni ora dienteni riyaya mesthi bakal teka lan kita kudu dadi pemenang sing sejati! (*/bib)

No comments:

Post a Comment