Breaking

Thursday, April 9, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 7 CRITA RAKYAT

CERITA RAKYAT JAWA


Crita rakyat iku minangka crita kang sumrambah lan sumebar ing bebrayan utawa masyarakat. Pangrembakane crita rakyat ing bebrayan bisa katitik saka sejarahe wiwit mbiyen tumakane saiki, yaiku kanthi cara lisan utawa diarani tutur tinular. Crita rakyat dicritakake dening wong tuwa, kayata simbah, bapak ibu menyang anak-putune kanggo panglipur lan sarana ngandharake pitutur.

 

JINISE CRITA RAKYAT

Crita Rakyat miturut isine kaperang dadi 4, yaiku:

Legenda, yaiku crita rakyat sing gegayutan karo prastawa sejarah lan ana sambung rapete karo sawijine paraga (tokoh), asal-usule papan utawa panggonan, lan diyakini nate dumadi.

Tuladha: Mula Bukane Kutha Surabaya, Asal-Usule Kutha Banyuwangi, Dumadine Gunung Tengger, lan sapanunggalane.

Mite, yaiku crita rakyat kang dianggep suci, isine gegayutan karo bab-bab sing aneh (ajaib), paragane Dewa/Dewi utawa manungsa setengah Dewa sing nduweni kaluwihan, lan diyakini bener-bener dumadi.

Tuladha:Nyai Rara Kidul, Dewi Sri, Jaka Tarub lan Nawangwulan, Kamajaya Kamaratih, lan sapanunggalane.

Sage (saga), yaiku crita rakyat sing ana sambung rapete karo sejarah, nanging wis akeh wuwuhane campur karo khayalane (fantasi) manungsa, nyritakake sawijine paraga sing duwe kaluwihan lan awatak satriyatama (kepahlawanan). 

Tuladha: Bandhung Bandawasa lan Rara Jonggrang, Jaka Tingkir,  Arya Penangsang (Arya Jipang), Panembahan Senapati, lan sapanunggalane.

Dongeng, yaiku crita rakyat sing isine ngayawara utawa tanpa kasunyatan, gunane kanggo panglipur utawa ngisi wektu lodhang. Dongeng ing bebrayan Jawa isih lestari lan diuri-uri. Dongeng kalebu golongane crita lisan sing dilestarekake turun tumurun ing bebrayan Jawa. Ing jaman saiki akeh dongeng sing wis ditulis ing ariwarti, kalawarti, utawa crita rakyat awujud buku. Jinise dongeng kaperang dadi 3, yaiku:

  • Fabel, yaiku dongeng sing paragane kewan kang duwe tindak tanduk lan watak wantu kaya manungsa. Tuladha: Serat Kancil, Peksi Glathik, Dongeng Sato Kewan, lan sapanunggalane.
  • Dongeng Lugu, yaiku dongeng sing isine lucu, sarwa aneh utawa ora klebu ing nalar. Tuladha: Jaka Kendhil, Cindhelaras, Timun Emas, lan sapanunggalane.
  • Dongeng Gegedhug utawa Wiracarita, yaiku dongeng sing nyritakake para paraga linuwih ing jaman kuna, isine akeh sing ditambah-tambahi jalaran paraga kasebut banget dipundhi- pundhi. Tuladha: Andhe Andhe Lumut (Crita Panji Asmara Bangun lan Kleting Kuning), Damarwulan, Lutung Kasarung, lan sapanunggalane.


Wacan Bocah Kawelasan
Antologi Wacan Bocah Kawelasan

 

STRUKTUR TEKS CRITA RAKYAT

Sawise mangerteni tegese crita rakyat, saiki coba disinaoni strukture utawa urut-urutane crita utawa struktur teks kaya katerangake ing ngisor iki.

  • Orientasi, ana ing paragraf kang nepungake paraga-paraga ing teks, panggonan kanthi njlentrehake titikane.
  • Komplikasi, ana ing paragraf kang njlentrehake ana prastawa, prakara kang dadi underan crita.
  • Klimaks, bisa katitik saka paragraf kang njlentrehake prastawa lan prakara-prakara ing teks kasebut dadi ruwet banget lan nyedhake nemokake dudutan utawa nemokake cara kanggo ngudhari prakara kang ruwet.
  • Resolusi, katitik ing paragraf kang njlentrehake dalan/cara kang dipilih kanggo ngudhari reruwet, bisa ndadekake apik (happy ending) bisa uga ndadekake elek (sad ending).
  • Koda utawa amanat, njlentrehake  dudutan (kesimpulan), lan nilai budi pekerti umum kang bisa dituladha.

 

WUJUDE TEKS CRITA RAKYAT

Teks crita rakyat kalebu teks narasi. Wujude teks narasi bisa dideleng saka perangan wewangunane utawa struktur sing bisa mangun teks lan perangan basa kang dumadi saka panganggone tembung lan ukara. Struktur teks narasi dumadi orientasi, komplikasi, klimaks, resolusi, reorientasi, lan koda/amanat.

Unsur bahasa, wujud basane teks narasi rupa tembunge, ukarane, lan wangune paragraf. Ing kalodhangan iki bakal ngrembug mligi ngenani wangune ukara lamba lan ukara camboran, panganggone ukara langsung lan ukara ora langsung, lan  uga unggah-ungguh basa.

Tujuan panulisan lan pamacan teks narasi kuwi kanggo panglipur sing bisa dijupuk pesan moral utawa nilai budi pekerti, lan hikmahe. Gunane teks narasi saliyane wujud medhar gagasan lan ide, uga kanggo warisake nilai budi pekarti luhur.

 

BUDI PEKERTI LAN RELEVANSI CRITA

Saben crita rakyat kuwi minangka sarana kanggo marisake nilai budi pekerti luhur marang generasi sateruse.

 

Nilai Budi Pekerti utawa Pesan Moral

Nilai budi pekerti utawa pesan moral bisa dijupuk saka isine teks kanthi njingglengi watak lan perilakune paraga ing teks.

Tuladhane:

Ana ing crita Sri Tanjung dicritakake tanggung jawabe Patih Sidapaksa ngayahi kewajiban, tanggung-jawabe Sritanjung anggone ngugemi kejujurane, rasa hormate Sritajung marang Sidapaksa, tulung-tinulung antarane Sritanjung lan Patih Sidapaksa nalika kudu ngayahi kewajiban. Nilai budi pekerti sing tetep kudu diugemi yaiku yen ta kadurakan mesthi bisa dikalahake karo kebecikan, sapa salah mesthi kudu seleh, becik ketitik ala ketara, lan  ngundhuh wohing pekerti.

 

Relevansi Isi Crita

Teks crita rakyat utawa legendha ing dhuwur mung salah siji saka maewu-ewu crita sing isih ngrembaka ing satengahing masyarakat Jawa.

Tuladhane:

Sajrone crita rakyat Sri Tanjung yen kawawas saka jaman saiki, prastawa kaya ing teks mau bisa ditemoni ing sakiwa-tengene panguripan. Wong sing mung mburu senenge dhewe kaya Prabu Sila Hadikrama kang sipate dumeh sugih, dumeh jabatane dhuwur, tumindak sakarepe dhewe tanpa ngelingi panandhange liyan. Sifate Patih Sidapaksa butarepan/cemburu ing babagan apa bae bisa ndadekake ruwet, kisruh, memala, uga bebanten. 

 

Sugeng angudi ngelmu. (*)

No comments:

Post a Comment