Breaking

Tuesday, April 14, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 7 CRITA WAYANG


Contoh Teks Cerita Wayang

Crita wayang iku salah sijine tuladha wacan narasi. Wacan narasi bisa awujud crita wayang, crita rakyat, dongeng, wacan bocah, cerkak lan sapunanggalane. Ing saben crita utawa narasi fungsi utamane kanggo marisake nilai budi pekerti, norma-norma sosial, budaya lan adat istiadat.

 

TITIKANE TEKS NARASI
Teks crita wayang  kalebu teks narasi. Titikane teks narasi, kaya mangkene. 
  • Wujude wacan narasi bisa dideleng saka perangan wewangunan  utawa struktur sing bisa mangun wacan lan perangan basa kang dumadi saka panganggone tembung, lan ukara. Struktur wacan narasi dumadi saka orientasi, komplikasi, klimak, resolusi, reorientasi, lan koda/amanat. 
  • Unsur basa, utawa wujud basane wacan narasi arupa tembunge, ukarane, lan wangune paragraf. Ing kalodhangan iki mligi ngenani tembung lan ukara sing dadi cirine wacan narasi, yaiku arupa tembung, ukara paesan utawa basa rinengga, lan unggah-ungguh basa.  
  • Tujuan panulisan lan pamacane wacan narasi kuwi kanggo panglipur sing bisa dijupuk pesan moral/nilai budi pekerti, lan hikmahe. 
  • Fungsi wacan narasi saliyane wujud medhar gagasan lan ide, uga kanggo marisake nilai budi pekerti luhur.

STRUKTUR TEKS CRITA WAYANG
  • Orientasi, sudut pandhang/pamawas lan pengenalan utawa tetepungan, maksude pamawas utawa tetepungan karo tokoh/paraga, latar/setting, prakara/prastawa, sing ana sajerone wacan narasi.  
  • Kompikasi, tegese wis ana perkara sing bakal dadi underan/pokok lan ndadekake aluring crita.  
  • Klimak, prakara wis tambah ngambra-ambra lan ruwet.  
  • Resolusi, prakara wis nemokake dalane kanggo ngrampungi. 
  • Reorientasi pamawas ulang yen ana.  
  • Koda/amanat, rupa panutup, bisa dudutan/kesimpulan, nilai budi pekerti sing bisa didudut saka isine crita, amanat utawa pesen.

Sugeng angudi ngelmu!




No comments:

Post a Comment