Breaking

Friday, May 24, 2019

PASA TUMRAPE WONG JAWA

Wiwit tanggal 6 Mei 2019 wingi tumrape wong Jawa ngarani wulan Pasa. Sejatine sajrone agama Islam sinebut wulan Ramadhan. Kahanan sing ndadekake mongkoge ati, taun iki wulan pasa ing Indonesia ditindakake umat Islam kanthi bebarengan, senajan kanggo nemtokake wiwitane wulan Pasa kanthi cara kang beda. 

Umat Islam kang klebu organisasi Muhammadiyah nemtokake wiwitane wulan Pasa kanthi cara hisab, dene Nahdlatul Ulama nemtokake wiwitane wulan Pasa kanthi cara rukyat. Alhamdulillah asile bisa padha lan bisa tansaya ngraketake rasa paseduluran, mligine umat Islam.

Ana unen-unen negara mawa tata desa mawa cara sing tegese saben papan nduweni adat utawa tata cara dhewe-dhewe lan beda karo papan-papan liyane. Unen-unen kasebut trep kanggo nggambarake kahanane wulan Pasa sajrone bebrayan Jawa. Perangan sing narik kawigaten sajrone wulan pasa, yaiku kahanane bebrayan Jawa sing isih nindakake ritual-ritual lan mujudake sawijine simbolisme moral lumantar tumindak apadene piranti ritual. Tuladhane ana tradhisi megengan sing ditindakake sadurunge wulan Pasa.


TRADHISI MEGENGAN

Tradhisi megengan ditindakake dening bebrayan Jawa kanthi ritual padusan lan nyekar ana pasareyan ing wayah awan, sarta kenduren ing wayah wengi. Ritual padusan ditindakake minangka simbolisme ngresiki sesuker sing ana ing sakojure awak. Nyekar ana ing pasareyan kanggo menehi pakurmatan lan ndedonga tumrap para leluhur. 

Kenduren kanggo njangkepi ritual loro mau, yaiku kanggo njaluk keslametan lan pangapura kanthi simbolisme piranti arupa jajanan apem. Manut pangendikane para winasis tembung apem iku dumadi saka tembung afuan utawa afuwwum sajrone basa Arab kang tegese njaluk pangapura.

Maneka warna corak sajrone wulan Pasa sing tansah ndudut ati iku satemene mung kembangane pasa bae, nanging sing wigati apa ta pasa iku tumrape wong Jawa? Pasa dipercaya tau muncul ing jaman basa Jawa madya (pertengahan) sing dijupuk saka basa Sanskerta kanthi teges pangiket utawa paningset tumrap jiwa lan raga. 


TEGESE PASA

Bebrayan Jawa uga tepung karo tembung siyam minangka basa kramane tembung pasa. Lamun katiti priksa tembung siyam dumadi saka tembung shaum utawa shiyam sajrone basa Arab sing tegese ngendhaleni dhiri saka hawa napsu. Sajrone bausastra Jawa reriptane Poerwadarminta diandharake, pasa yaiku ora mangan lan ora ngombe. 

Bebrayan Jawa uga ana kang ngandharake yen tembung pasa iku saka jarwa dhosok utawa kerata basa ngeposake rasa. Ngeposake tegese ngendheg utawa nglereni, dene rasa tegese rasa pangrasa kang tuwuh sajrone ati. Mulane pasa iku bener lamun dadi sarana kanggo memper hawa napsu.

Napsu kang dumunung ing ragane manungsa iku kaperang dadi papat, yaiku mutmainah, supiyah, aluamah, lan amarah. 

  • Napsu mutmainah utawa kautaman, yaiku napsu sing nuntun manungsa marang kabecikan, mligine pangibadah. 
  • Napsu supiyah utawa kaendahan, yaiku napsu sing mangaribawani manungsa kanthi rasa kekareman, mligine ing babagan asmara. 
  • Napsu aluamah utawa serakah, yaiku napsu sing ndadekake manungsa karem marang bandha donya.
  • Napsu amarah utawa nesu, yaiku napsu sing njurung manungsa dadi wong sing kepengin menang dhewe lan ngasorake wong liyane.


SEJARAH PASA

Sejarah pasa tumrap bebrayan Jawa durung bisa dipesthekake, nanging ana sawetara bukti kang bisa dimangerteni gegayutan karo pasa utawa memper hawa napsu. Jaman Praja Majapahit mbiyen Sang Patih tau ngaturake prasetya kang kerep keprungu kanthi tetembungan sumpah palapa. Patih Gajah Mada ngandharake menawa dheweke durung gelem amukti palapa lamun durung bisa mujudake manunggale tlatah Nuswantara ana sajrone panguwasa Praja Majapahit. 

Tembung palapa ana kang ngarani saemper karo tembung ngalapa kang tegese njupuk utawa ngepek. Maha Patih Gajah Mada ora kepengin ngalap kanikmatan utawa mukti wibawa sadurunge Nuswantara bisa manunggal. Mula sumpah palapa bisa kawawas minangka tumindak pasa kang ditindakake dening Maha Patih Gajah Mada.

Bukti liya ing Kakawin Ramayana minangka reriptan sastra Jawa kuna tinemu tembung pasa brata sing tegese laku pasa kanggo nyingkiri kadurjanan. Kakawin Arjunawiwaha ing jaman Praja Kahuripan nuduhake anane laku brata Raden Arjuna ing gunung Indrakila kanggo sarana ngrebut panguwasa Praja Ngamarta saka pangendhihe Kurawa. 

Raden Arjuna sajrone nindakake laku brata kudu ngempet hawa napsu saka panggodhane para widadari. Senajan crita sajrone reriptan sastra kasebut mbokmenawa ana sing ngarani fiktif, nanging perlu dingerteni menawa reriptan sastra iku minangka wujud pangilon utawa refleksi saka pangripta lan bebrayan sakiwa tengene reriptan sastra kasebut.


JINISE PASA

Pasa utawa tirakat tumrape wong Jawa mbiyen minangka perangane piwulang urip sing diarani tapa brata. Tapa minangka laku sing kudu ditindakake dening pawongan sing nduweni gegayuhan urip, kayata kepengin nggayuh kadonyan utawa kasampurnane urip. Mula bebrayan Jawa jaman mbiyen yen kepengin nduweni lelabuhan kudu disarat-saranani kanthi tapa brata, apadene nalika umure wis sepuh meh ngungkurake donya uga bakal nyingkiri ramene donya kanthi laku tapa brata.

Tapa sing tau dilakoni dening bebrayan Jawa, tuladhane tapa ngalong, tapa ngidang, tapa ngrame, malah ana uga sing sinebut tapa ngedan. 

  • Tapa ngalong, yaiku tapa sing ditindakake kanthi cara nggandhul ing wit, sikile ing ndhuwur lan sirahe ing ngisor, sarta mangane mung woh-wohan tetanduran bae. 
  • Tapa ngidang, yaiku tapa sing ditindakake kanthi cara mung mangan gegodhongan lan banyu putih bae.
  • Tapa ngrame utawa lelana, yaiku mlaku karo menehi pitulungan marang wong sing mbutuhake. 
  • Tapa ngedan, yaiku tapa sing ditindakake kanthi cara namur laku kaya wong edan ing dedalanan sinambi teteki. 

Wujud laku prihatin sing wujude tapa iku ora bisa luntur saka bebrayan Jawa. Mula tinemu sawenehe jinis pasa sajrone bebrayan Jawa, kayata pasa mutih, ngrowot, ngebleng, patigeni, lan weton. 

  • Pasa mutih, yaiku pasa sing ditindakake kanthi cara mung mangan sega putih lan banyu putih bae. 
  • Pasa ngrowot, yaiku pasa sing ditindakake kanthi cara mung mangan woh-wohan saka tetanduran. 
  • Pasa ngebleng, yaiku pasa sing ditindakake sasuwene telung dina tanpa mangan lan ngombe. 
  • Pasa patigeni, yaiku pasa sing ditindakake sajrone sedina ana ing njero senthong (kamar) tanpa metu lan mung nindakake ndedonga. 
  • Pasa weton, yaiku pasa sing ditindakake nalika tiba dina laire.

Lumantar tradhisi sing ngrembaka ing tanah Jawa mau, mula bebrayan Jawa sing ngrasuk agama Islam ora kabotan apadene kangelan nampa dhawuhe Gusti Allah sing wujude pasa. Bebrayan Jawa bisa nampa kanthi tangan tinarbuka rukun Islam sing kaping telu iku saka piwulange para wali Allah. Muga bae kita kabeh bisa nindakake ibadah pasa sajrone wulan Ramadhan sarana memper hawa napsu kanthi tujuwan mujudake titahe Gusti Allah sing suci. Aamiin. (*)

No comments:

Post a Comment