Breaking

Friday, January 20, 2023

SANDHIWARA SRI NGILANG DENING AUSTRALIAN NATIONAL UNIVERSITY

sasana widya guru

Sandhiwara minangka jinis (genre) karya sastra kang nggambarake uripe manungsa kanthi wujud solah bawa (gerak). Sandhiwara nggambarake kasunyatan urip, paraga, lan solah bawane manungsa lumantar lakon lan cecaturan kang dipentasake. Lakon ing sandhiwara ngemot pasulayan (konflik) lan emosi kang mligi kanggo pagelaran teater.

 

Lakon digawe kanthi cara sing mengko bisa dipentasake supaya para penonton seneng. Sandhiwara mbutuhake kaprigelan wicara lan solah bawa. Kaprigelan kasebut bisa dideleng saka carane pasulayan utawa perkara bisa ditampilake kanthi becik ing pagelaran sandhiwara.

 

Manut crita lan saranane pagelaran sandhiwara mula bisa dibedakake, kayata:

 

  • Sandhiwara tradhisional
  • Sandhiwara modheren


Baca jugaMateri Sandhiwara Modheren Basa Jawa SMP

  

Banjur gatekna sandhiwara kanthi irah-irahan Sri Ngilang iki kanthi premati:


 

Sawise nonton gelare sandhiwara Sri Ngilang, coba wenehana andharan tumrap:


  • Tema utawa undherane crita
  • Paraga lan watake
  • Piwulang
  • Perangan kang narik kawigaten

 

Format nindakake tugas bisa dideleng lumantar link iki:

 

+++ Nintingi Sandhiwara Sri Ngilang+++

 

Sugeng makarya lan matur nuwun! (*)

No comments:

Post a Comment