Breaking

Tuesday, January 24, 2023

TEKS PROFIL TOKOH BAHASA JAWA - CAK DURASIM

sasana widya guru


Bocah-bocah wis akeh nepungi paraga sing dadi pahlawan, yaiku pawongan kang nduweni lelabuhan kanggo nggayuh kamardikan utawa njejegake kamardikan Negara Indonesia. Saka akehe paraga pahlawan iku mau, ana pahlawan sing nindakake perjuwangan lumantar seni lan budaya, kayata sing asamane Cak Durasim.


Baca juga: Teks Profil Tokoh Pebulutangkis Taufik Hidayat

  

Ana kalodhangan iki coba jangkepana teks profil Cak Durasim kanthi tembung-tembung kang trep!

 

Cak Durasim, Pahlawan Ludruk lan Budayawan saka Jatim

Cak Durasim sing kagungan ... (1) jangkep Gondho Durasim sawijine tokoh pejuwang seni lan budaya asli ... (2) Jawa Timur. Cak Durasim kondhang dhek jaman taun 1930-an ... (3) taun 1944-an, ... (4) parikan-parikane sing paring semangat perjuwangan marang warga masyarakat ... (5) enggal bisa merdika. Cak Durasim uga asring mlebu tangsi (penjara) amarga kritikan-kritikane ... (6) sindhiran-sindhiran liwat parikane kang ditujokake ... (7) para penjajah.

 

Cak Durasim kang kanca rakete Dr. Soetomo iki ... (8) sawijining tokoh aktivis ... (9) Partai Indonesia Raya (Parindra). Ing ... (10) 1933, Cak Durasim ginabung ing paguyuban ludruk “LO” (Ludrug Organisatie). Paguyuban ludruk kang populer  banget ing jamane, awit asring nobong ... (11) manggung ing kutha-kutha ing Jawa Timur ... (12) saka kutha Surabaya, Sidoarjo, Mojokerto, Jombang, Malang, Jember, ... (13) teka Banyuwangi.

 

Ing saben-saben panggonan, ... (14) ludruk “LO” nobong, jam 4 sore karcis wis entek, ... (15) ekonomi dhek jaman perjuwangan kasebut angel banget. Cak Durasim kang jiwa nasionalismene digembleng ing Partai Parindra kasebut, ora tega ... (16) bangsane diideg-ideg harga dhirine ... (17) bangsa penjajah, ... (18) panjenengane yasa parikan kaya ing ngisor iki:

 

Jangan kecipir, jangan kluwih,

Jangan terong cukul ndhuk pinggiran,

Aja ... (19) Cak, uripmu dhewe,

Pikirna bangsamu sing ... (20)

 

Nalika Dr. Soetomo surut ing ... (21) jati dhek taun 1939, Cak Durasim banget ... (22) kanca rakete jiwane pinukul, ... (23) kelangan guru politik, kelangan kanca sing wis dianggep kaya kangmase dhewe. Cak Durasim uga yasa parikan ... (24) Dr. Soetomo, sing isine mangkene:

 

Jemuwah legi nang pasar Gentheng,

Tuku ondhe-ondhe nang Wonokrama,

Merah Putih kepala bantheng,

Iku bendherane dhokter ... (25)

 

Ing Jaman Jepang, rakyat uripe tambah ... (26), awit rakyat kudu asrah bandha, kewan raja ... (27) (sapi, kebo, wedhus, lsp.), asil bumi ... (28) pari, jagung, kedhele, lsp. Ananging Cak Durasim lan ludruk “LO”-ne tetep ora sepi saka penonton.

 

Cak Durasim asring mlebu tangsi (penjara) ... (29) sindhiran-sindhirane marang penjajah Jepang. Wekasane, ... (30) nobong (manggung) ing desa Mojoredjo, Jombang, sasuwene rong minggu, Cak Durasim lan kanca-kancane ditangkep dening saradhadhu Jepang lan dikunjara, awit saka tembang kidungan arupa ... (31) cekak sing nyindhir penjajah Jepang, unine mangkene:

 

Pagupon, omahe dara,

Melok ... (32), tambah ... (33).

(Nippon yaiku sebutan liyane tumrap penjajah Jepang)

 

Ana maneh kidungan arupa parikan dol-tinuku kang uga nyindhir penjajah Jepang. Unine mangkene:

 

Merdheka Bung .... Tetep.

Kathok goni Bung .... Antep.

Tumane Bung .... Seket.

Nek bengi Bung .... Nggremet.

 

Cak Durasim lan kanca-kancane enem saka ludruk “LO” ... (34) Amir, Satari, Kemiso, Wakidin, Karso, lan Kamidi, disel lan disiksa lan diajar dening saradhadhu Jepang nganti semaput (ora sadhar). ... (35) dikunjara, kondhisi kesehatane Cak Durasim ... (36) mudhun, awake tansaya kuru, lemes lan lungkrah.

 

Cak Durasim sing ora dimangerteni kelairan saka ngendi lan kapan laire iki, seda ... (37) wulan Agustus taun 1944. Cak Durasim Pejuang liwat seni ... (38) budaya kasebut durung ... (39) ngalami jaman kamardikan. Kanggo ... (40) lelabuhane, asmane Cak Durasim dienggo jeneng Gedhung Kesenian Taman Budaya Jawa Timur ing dalan Gentengkali Surabaya.

 

Sumber: Cak Durasim Pahlawan Ludruk,

Berjuang Tanpa Senjata, 

Henri Supriyanto, Majalah Bende,

Edisi 7, November 2003


Baca juga: Materi Teks Profil Tokoh Bahasa Jawa SMP

  

Sugeng makarya lan muga-muga bisa migunani! (*)

No comments:

Post a Comment