Breaking

Tuesday, January 17, 2023

BUKU KIRTYA BASA 7 – NGGANEPI TEKS PROFIL TOKOH TAUFIK HIDAYAT

sasana widya guru


Teks profil tokoh iku ngemot biografi salah sijining paraga utawa tokoh. Paraga ing bebrayan agung mesthi pawongan sing duwe kalungguhan kang mirunggan ing satengahe bebrayan. Upamane paraga minangka pemimpin sing nduwe daya pangaribawa,. mula tindak-tanduke bisa dadi tepa tuladha.

 

Nalika nyritakake utawa nggambarake paraga perlu nganggo basa ngoko alus, yaiku basa sing tetembungane ngoko kacampuran krama, gunane kanggo ngajeni tokoh sing dicritakake.

 

Ing ngisor iki ana teks profil tokoh sing durung sampurna, coba ganepana nganggo tembung- tembung sing trep!


Baca juga: Materi Teks Profil Tokoh Bahasa Jawa SMP

  

Teks Profil Tokoh

........................................ (1)

Taufik Hidayat ... (2) ing Bandung tanggal 10 Agustus 1981, ...  (3) bapak Aris Haris ... (4) ibu Denok Dartilah. Dheweke klebu salah sijine ... (5) tunggal putra Indonesia saka klub SGS Elektrik Bandung.

 

Taufik Hidayat kuwi atlet sing ... (6) medhali emas Olimpiadhe Athena taun 2004. Taun 2005 ... (7) juwara donya BWF, lan taun 2006 oleh .... (8) Tunggal putra Asian Games, ... (9) dheweke isih nyumbangake gelar sapirang-pirang. Pengalaman liyane ... (10) dadi ... (11) beregu Piala Thomas ... (12) Piala Sudirman.

 

Taun 2007 Taufik Hidayat ... (13) karo Ami Gumelar, ... (14) siji kang diwenehi ... (15) Natarina Alika Hidayat. Wiwit 30 Januari 2009 Taufik Hidayat mundur ... (16) pelatnas Cipayung lan milih dadi pemain profesional ... (17) bisnis piranti olah raga ... (18) karo Yonex.

 

Taufik Hidayat atlet Nasional sing pantes ... (19) dening para mudha. Kabeh gegayuhan bisa ... (20) kanthi semangat, kerja keras, lila ngurbanake samubarang kasenengan. Sing marahi ... (21) apa sing ... (22) dening Taufik Hidayat wis ngarumake ... (23) bangsa lan negara.

 

Wangsulane:

(1) Taufik Hidayat; (2) miyos; (3) putra; (4) lan; (5) atlet bulutangkis;

(6) nggayuh; (7) juwara; (8) lan; (9) kayata; (10) juwara;

(11) ing; (12) nalika; (13) palakrama; (14) kagungan putra; (15) asma

(16) saka; (17) lan; (18) bebarengan; (19) dituladha; (20) kasembadan;

(21) kuncara; (22) ditindakake; (23) asmane

 

Matur nuwun lan muga-muga migunani! (*)

No comments:

Post a Comment