Breaking

Saturday, April 3, 2021

MATERI BAHASA JAWA KELAS 10 SANDHIWARA

BAHASA JAWA KELAS 10 SANDHIWARA


Pagelaran sandhiwara, bisa dadi salah sawijine sarana nggegulang moral kang cocok lan trep. Amarga, tuntunan lan wulangan ing pagelaran sandhiwara ora nduweni sipat doktriner kang meksa, ananging kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake, wewarah bab moral bisa rumesep lan kajiwaraga. Pagelaran sandhiwara kang sumbere saka kedadeyan-kedadeyan kang ana ing masyarakat, nduweni nile-nile kang endah, unik lan adi luhung.

Paraga utawa tokoh-tokoh ing sandhiwara kang nduweni watak becik, bisa dadi tepa patuladhan. Apa maneh yen pagelaran sandhiwara iku migunakake basa Jawa, mesthine luwih akeh maneh wewarah kang bisa didudut, awit ing basa Jawa ana unggah-ungguh kang nuntun manungsa supaya tumindak netepi tatakrama. Mula saka iku kita wajib nelakake rasa panuwun ing ngarsane Gusti Kang Maha Welas lan Asih, awit wis kanugrahan basa kang edi peni lan murakabi.

 

STRUKTUR TEKS SANDHIWARA

Minangka teks crita naratif, teks sandhiwara nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka:

  • Jejer (orientasi), yaiku perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure.
  • Pasulayan (komplikasi), yaiku dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga,
  • Pangudhare prakara (resolusi), yaiku pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah.

 

MACA TEKS SANDHIWARA

Pamacane teks sandhiwara beda karo pamacane teks sastra liyane, kaya teks guritan, cerkak, utawa gancaran liyane. Anggone maca lan ngerteni teks sandhiwara utawa drama uga beda. Menawa reriptan guritan katulis kanthi bleger baris lan pada, cerkak lan gancaran liyane katulis kanthi bleger paragraf. Mula saka iku, pamacane teks sandhiwara kajumbuhake karo watak paraga sajerone sandhiwara. Teks sandhiwara katulis kanthi bleger kang dumadi saka katrangan bab:

  • paraga (pawongan sing kagambarake watak lan lakune).
  • antawacana (gunemane para takoh),
  • swasana (latar, busana, paes)
  • pituduh laku (tingkah sing kudu ditindakake paraga).

 

NDHUDHAH PIWULANG TEKS SANDHIWARA

Kaya dene teks asil cipta sastra liyane, teks sandhiwara uga nduweni tuntunan-tuntunan utawa piwulang-piwulang kang pengin diandharake dening panulis kang awujud piwulang babagan moral utawa budi pekerti. Piwulang moral ing teks asil cipta sastra kagolong dadi papat, yaiku:

  • moral marang Gusti Kang Maha Kawasa
  • moral marang sapadha-padha manungsa
  • moral marang dhiri pribadi
  • moral marang alam lingkungan

 

PAGELARAN SANDHIWARA

Supaya anggone mentasake lakon ora nguciwani, sadurunge mentasake lakon perlu nindakake ayahan-ayahan iki:

  • Netepake tema utawa irah-irahan lakon kang arep kagelar.
  • Andum gawe, yaiku netepake dhalang lan para paraga.
  • Ndhudhah scenario (naskah utawa teks).
  • Gladhen maca lan tingkah.

 

NULIS TEKS SANDHIWARA

Cengkorongan teks sandhiwara, yaiku babon ringkes cerita sandhiwara kang gunane kanggo nuntun panulis supaya asil ciptane bisa luwih apik lan temata urut-urutane. Senajan wujude ringkes, ananging pawongan kang maca cengkorongan iki kanthi gampang mahami urutane crita kang sawutuhe. 

Teks sandhiwara katulis kanthi bleger kang dumadi saka:

  • paraga (pawongan sing kagambarake watak lan lakune)
  • antawacana (gunemane para takoh)
  • swasana (latar, busana, paes)
  • pituduh laku (tingkah sing kudu ditindakake paraga)


TULADHA PAGELARAN SANDHIWARA

Video iki minangka tuladha pagelaran sandhiwara kanthi irah-irahan Andhe-Andhe Lumut. Mangga ditonton kanthi permati!



Sugeng angudi ngelmu! (*)

No comments:

Post a Comment