Breaking

Tuesday, June 9, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 8 WAWANCARA

Wawancara Bahasa Jawa

Wawancara yaiku kegiatan cecaturan antarane pewawancara lan narasumber. Pewawancara yaiku pawongan sing golek informasi, dene narasumber yaiku wong sing menehi informasi. Narasumber kudu wong sing ngerti ngenani informasi sing dibutuhake. Tujuwane wawancara kanggo nggolek warta, informasi, utawa katrangan ngenani sawenehe bab kanggo kaperluan tartamtu. Tuladha nindakake wartawan kayata wong sing nggolek golek warta lan murid-murid kang oleh tugas nindakake panliten. Teks wawancara yaiku teks sing nggambarake pacelathon utawa dhialog antarane pewawancara karo narasumber.

 

BAB-BAB KUDU DIGATEKAKE

Sajroning nindakake wawancara ana bab-bab sing kudu digatekake, ing antarane kaya mangkene.

  • Nemtokake tujuan wawancara.
  • Nemtokake topik utawa tema sing arep ditakokake.
  • Nyiapake dhaftar pitakonan minangka pedhoman nalika nindakake wawancara lelandhesan 5W+1H.
  • Nganakake pasetujon karo narasumber kanggo nemtokake papan panggonan lan wektu wawancara.
  • Nindakake wawancara lelandhesan dhaftar pitakonan kang wis disiapake supaya nalika nindakake wawancara bisa runtut lan genep, supaya pitakonan ora ana sing kliwatan. lan wawancara bisa tumata lan munjer.
  • Nulis bab-bab sing penting utawa ngrekam pacelathon.
  • Nggunakake unggah-ungguh sing apik kanggo ngajeni marang narasumber.

 

TEKS LAPORAN WAWANCARA

Laporan wawancara yaiku sawijine cathetan kang ditulis kanthi paugeran tartamtu kang ditindakake sawise nganakake sawijine kegiatan lapangan sing arupa wawancara. Isi Laporan Wawancara biasane arupa paparan kedadeyan utawa kegiatan sing wis ditindakake tumrap pribadi utawa kelompok amarga tanggung jawab sing wis ditugasake.

 

GUNANE LAPORAN WAWANCARA

Gunane laporan wawancara kaya mangkene. 

  • Kanggo mangerteni sawijine kegiyatan ekonomi, sosial, budaya, pendidikan, lan sapiturute ing sajroning masyarakat.
  • Kanggo dokumen lan paugeran yen arep nindakake kegiyatan pengamatan kanthi objek kang padha.

 

TITIKANE LAPORAN WAWANCARA SING BECIK

Titikane Laporan Wawancara sing becik kaya mangkene.

  • Ditulis nganggo basa sing baku, becik, jelas, lan lugas.
  • Mawa data sing bener, akurat lan bisa dipercaya.
  • Wujude nenarik kawigaten wong sing maca.

 

STRUKTUR TEKS LAPORAN WAWANCARA

Struktur teks laporan wawancara dumadi saka:

  • Idhentifikasi yaaiku perangan teks sing nerangake titikan, barang, tandha lan sapanunggalane.
  • Klasifikasi utawa dhefinisi yaiku perangan teks kang mantha-mantha utawa milah manut jinise utawa klompoke.
  • Dheskripsi bagean yaiku perangan teks sing nerangake gegambaran sing luwih rinci lan cetha.

Sugeng angudi ngelmu!

 

No comments:

Post a Comment