Breaking

Thursday, May 7, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 7 TEMBANG MACAPAT

Tembang Macapat Jawa


Tembang macapat yaiku salah siji  jinise tembang ing kasusastran Jawa. Tembang macapat uga diarani tembang cilik kang cacahe ana sewelas. Mula bukane diarani macapat, yaiku carane maca papat-papat utawa macane ’cepat-cepat’. Macane tembang macapat kang nganggo paugeran papat-papat iku kudu dilarasake karo paugerane pamedhote gatra tembang supaya bisa ngatur anggone unjal napas.

 

PAUGERAN TEMBANG MACAPAT

Tembang macapat kalebu karya sastra kang nduweni daya kekuwatan lan kaendahan. Tembang macapat iku minangka salah siji wujud tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani tembang tradhisional, amarga kaiket ing aturan utawa paugeran tartamtu.

Paugeran-paugeran jroning tembang macapat, yaiku:

  • Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada.
  • Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra.
  • Guru lagu yaiku tebaning swara ing pungkasaning gatra.


Jinise Tembang Macapat


PAMEDHOTE TEMBANG MACAPAT

Tembang macapat iku lumrahe ora mung ditulis, nanging uga ditembangake. Puisi tradisional Jawa ora bisa dipisahake saka seni swara. Selaras karo kahanan kasebut, tembang macapat nduweni paugeran tumrap pedhotane gatra. Pedhotan kasebut digunakake kanggo andhegane napas nalika nembangake tembang kasebut. Pedhotane tembang macapat iku diperang dadi loro, pedhotan kendho kang tiba ing wekasane tembang lan pedhotan kenceng kang ora tiba ing wekasane tembang.


Pamedhote Wanda Tembang Macapat


TITI LARAS LAN CAKEPAN TEMBANG MACAPAT

Saliyane kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, tembang macapat uga nduweni titilaras lan cakepan.

  • Titi laras, utawa cukup diucapake laras, kaperang dadi loro, yaiku laras slendro lan laras pelog.
  • Cakepan tembang iki sejatine ora beda karo wangun geguritan kang banjur dilagokake.

 

TATA CARA NEMBANG MACAPAT

Supaya bisa nglagokake tembang macapat kanthi apik, lumrahe kudu ngerteni bab-bab, kayata:

  • Nguwasani tembang, amarga jinise tembang macapat iku ana 11, sajroning nembangake tembang saben pupuh beda jinis tembange.
  • Kudu mangerteni watake tembang.
  • Mangerteni guru wilangan lan guru lagu saben tembang macapat.
  • Kudu mangerteni tegese tembung utawa makna bahasa sing diwaca ing tembang.
  • Nguwasani lan mangerteni dununging andhegan, aja nganti mancah sawijining tembung.
  • Yen ta amiwiti nembang gumantung wates tebaning swarane dhewe-dhewe aja nganti mblero kendheken utawa kedhuwuren.
  • Mangerteni lan nguwasani ngenani tempo jroning macapat, aja kendheken utawa kedhuwuren, kira-kira padha ukarane kaya maca gancaran. Antarane saben seleh lan saben amiwiti nembang aja kesuwen utawa kecepeten.


PEPELING TUMRAP TEMBANG MACAPAT

Tembang macapat salah sijine kagunan seni budaya Jawa sing mulangake budi pekerti luhur lan ajaran agama. Ing jaman para Wali Sanga, tembang dadi sarana medhia dakwah. Ing jaman kang sarwa canggih kaya ing jaman saiki, akeh kang padha kepencut ing urusan ndonya bae. Pikiran lan pangrasane (perasaan) tumplek bleg kapunjerake ing masalah ekonomi, informasi, politik, lan sapanunggalane. Kegiatan-kegiatan kang asipat gaul, modern, dadi pilihan utama, kayata konser musik lan sapanunggalane. Kahanan kang kaya mangkene iki njalari akeh generasi mudha kurang nduweni greget marang kabudayan, lan olah rasa. Tundhane, sastra, seni, lan budaya ora nduweni daya kanggo ngrembaka.


TULADHA TEMBANG MACAPAT

Syair Tembang Pangkur

 

Sugeng angudi ngelmu!

No comments:

Post a Comment