Breaking

Thursday, May 7, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 8 CRITA CEKAK

Cerkak Materi Kelas 8

Cerkak yen dititik lan dibandhingake karo narasi liyane, wujude tetep basa gancaran, dumadi saka rerangken crita sing mung lakon sakedadean bae, lan bisa diwaca sakala langsung tamat. Titikane cerkak yaiku critane mung cekak saengga mathuk kanggo ngenggar-enggar ati, isine ngemot pitutur, panyaruwe, piweling, lan pasemon, alure mung siji, lan basane ora ngambra-ambra.

 

STRUKTUR CRITA CEKAK

Struktur crita cekak sing awujud unsur instrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur instrinsik saka cerkak, yaiku tema, latar (setting), alur (plot), lan paraga lan watak, sudut pandang,  piwulang (amanat), lan nilai budi pakarti. Unsur ekstrinsik saka cerkak yaiku gegayutane crita karo kanyatan ing masyarakat, kayata  adat istiadat, budaya, tingkah laku, lan sikap masyarakat. Cerkak mujudake crita rekayasa (imajinatif) sing sumbere bisa crita kasunyatan. Urip ing ndonya iki tansah ndeleng, ngrungokake, utawa malah nglakoni crita. 

Cerkak Edan Tenan

UNSUR INSTRINSIK

  • Tema, yaiku gagasan utawa idhe sing dadi underane crita, bisa dititik langsung saka ukara-ukara ing teks, utawa dijupuk saka inti critane.
  • Alur utawa plot yaiku rerangkene kedadean ing sawijining cerkak dumadi daka tetepungan (eksposisi), pasulayan (konflik), puncake pasulayan (klimaks), lan karampungan (peleraian).
  • Latar utawa seting yaiku kabeh katrangan sing bisa dijupuk saka teks cerkak ngenani papan panggonan, waktu utawa wayah, lan swasana.
  • Paraga lan watak yaiku paraga sing karipta sing ana ing teks cerkak, dene watak tegese kepriye anggone nemtokake wujud lan watake paraga salaras karo critane.
  • Pamawas utawa sudut pandang yaiku empan-papane sing nyritakake ana ing sajroning crita, bisa dititik tembung sesulih kanggo paraga utama ing cerkak.
  • Piwulang utawa amanat yaiku pesen sing kaandharake pangripta utawa penulis katujokake marang sing maca. Saka amanat utawa pesen bisa dijupuk hikmahe lan bisa dicocogake sambung rapete karo panguripan ing saben dinane.

 

UNSUR EKSTRINSIK

Unsur ekstrinsik cerkak yaiku gambaran ngenani jaman, adat istiadat, budaya, perilaku lan sikap masyarakat sing bisa ditintingi saka cerkak. Jlentrehe unsur ekstrinsik kaya mangkene.

  • Sosial yaiku lelandhesaning pangriptane karya sastra adhedhasar kahanan sosial masarakat.
  • Budaya yaiku lelandhesaning pangriptane karya sastra adhedhasar kahanan budaya masarakat.
  • Psikologi yaiku lelandhesaning pangriptane karya sastra adhedhasar kahanan psikologi masarakat.

 

NJARWAKAKE CRITA CEKAK

  • Ngowahi saka basa liya menyang basa Jawa, narasi nggunakake basa ngoko lugu dene pacelathon nggunakake unggah-ungguh basa kang trep.
  • Njaga runtuting crita.
  • Ora kena ngowahi isine crita, latar (papan, wektu, lan swasana), lan paraga sarta watake.
  • Nuwuhake rasa kang laras karo crita asline.
  • Ditliti maneh supaya ngasilake jarwan kang becik.

Pasinaon ngenani crita cekak utawa Cerkak uga bisa dideleng ana video iki, sarta aja lali nindakake like lan subscribe supaya ora ketinggalan anggone sinau Basa Jawa.



Sugeng angudi ngelmu!

 

No comments:

Post a Comment