Breaking

Thursday, May 7, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 8 BASA RINENGGA

Wujud Basa Rinengga

Basa rinengga salah sawijine lelewaning basa (gaya bahasa) asil kaprigelan olah basa minangka sarana olah rasa, olah jiwa, lan olah karsa. Lelewaning basa bisa katitik saka pilihan tembung, pangrakite ukara lan wacana, sing tundhane bisa ndadekake tambah endah, nges, lan mentes.

Asile basa rinengga bisa wujud unen-unen sing kinandhut ing crita-crita lisan sing isih lestari satengahe masarakat Jawa lan tinggalan naskah-naskah karya sastra. Teks-teks kasusastran Jawa mau bisa awujud tembang utawa puisi lan teks-teks gancaran utawa prosa liyane, sing isine andharan ngenani maneka warna ilmu lan kawruh.  

Basa rinengga sing dadi underane rembug ing wulangan iki winates paribasan, bebasan, saloka, pepindhan, panyandra, parikan, cangkriman, wangsalan, tembung entar, lan yogyaswara.  

 

PARIBASAN

Paribasan yaiku unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah. Tuladhane kaya magkene.

  • Kebat kliwat, gancang pincang, tegese tumindak kanthi kesusu asile ora bakal maremake.
  • Anak polah bapa kepradhah, tegese tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwane.
  • Adigang-adigung-adiguna, tegese ngendhelake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane.

 

BEBASAN

Bebasan: tegese unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa. Tuladhane kaya mangkene.

  • Nglungguhi klasa gumelar, tegese mung kari nemu penake. 
  • Suduk gunting tatu loro, tegese tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan rong warna.
  • Nututi layangan pedhot, tegese mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane. 

 

SALOKA

Saloka ateges unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge. Tuladhane kaya mangkene.

  • Asu belang kalung wang, tegese wong asor nanging sugih bandha donya.
  • Cebol nggayuh lintang, tegese wong sekeng utawa mlarat duwe gegayuhan sing mokal kasembadan. 
  • Kacang ora ninggal lanjaran, tegese sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa.   


PEPINDHAN

Pepindhan iku unen-unen sajroning Basa Jawa kang ora ngemu surasa kang sajatine. Yen ing basa Indonésia karan pengandaian. Lumrahé pepindhan nganggo tembung: kaya, lir, pindha, kadya lan liya-liyane kang ngemu karep kaya. Pepindhan asring digunakake ing pacelathon padinan, panyandra sajeroning adicara pengantenan utawa sajeroning babagan sastra.

Tuladha:

  • Ayune kaya Bathari Ratih
  • Baguse kaya Bathara Kamajaya
  • Galake kaya macan manak

 

PANYANDRA

Panyandra yaiku unen–unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges mirip utawa memper. Kang dicandra ngenani bab becike lan karepe kanggo ngalem kaendahan, kayata kahananing manungsa, kahanane sata kewan, kahanane tetuwuhan, kahanane alam lan sapanunggalane.

Tuladha:

  • Bathuke nyela cendani = bathuke alus
  • Pipine nduren sajuring = bentuk pipine kaya duren sajuring (lancip)
  • Pundhake nraju mas = pundhake rata, kiwa-tengene

 

PARIKAN

Parikan minangka salah sawijining jinis puisi Jawa modern sing padha karo pantun Melayu kanthi wujud spasial lan pada (pola sajak). Parikan bisa dianggep minangka puisi rakyat amarga urip lan ngrembaka ing antarane masarakat. Kaya seni rakyat liyane, umume parikan sing ditemokake ing masarakat Jawa ora dingerteni sapa sing nggawe.

Parikan bisa ditemokake ing macem-macem uripe masarakat Jawa, dadi bagean saka urip saben dinane kanthi menehi pamrayoga (saran), pasemon (sindiran), banyolan (lelucon), lan sapiturute. Parikan uga katon minangka seni pertunjukan, kayata ing pagelaran ludrug lan minangka isen-isen ing cakepan senggakan utawa syair sing nambah lirik utama gendhing.

Tuladha:

  • Omah gentheng saponana, abot entheng lakonana.
  • Pagupon omahe dara, melu Nipon marahi sara.


CANGKRIMAN

Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang isine kudu dibatang utawa dibedhek maksude.

Jinise cangkriman ana 4 yaiku:

Cangkriman Awujud Wancahan

Cangkriman awujud wancahan yaiku bedhekan kang dumadi saka tembung wancah utawa tugel (ora wutuh)

Tuladhane

  • Pak bo letus : tipak kebo lelene satus
  • Wiwawite lesbadhonge :wi dawa wite, dene tales amba godhonge.

Cangkriman Awujud Pepindhan

Cangkriman awujud pepindhan yaiku bedhekan kang tembung-tembunge isine pindhakake samubarang.

Tuladhane:

  • Sega sakepel dirubung tinggi : salak
  • Pitik walik saba kebon : nanas

Cangkriman Ngemu Surasa Blenderan

Cangkriman ngemu surasa blenderan yaiku bedhekan sing nduweni wangsulan luwih saka siji kanthi tujuan kanggo mlesetake.

Tuladhane:

  • Urang sapikul matane pira? (wangsulane bisa 6 : urang : 2 + sapi 2 + kul : 2 utawa akeh amarga urang cacahe sapikul)
  • Ana aksara Arab, macane saka ngendi? (wangsulane bisa saka kiwa amarga salugune utawa saka alas amarga dijupuk tembung macane dianggep saka tembung macan)

Cangkriman Sinawung ing Tembang

Cangkriman sinawung ing tembang yaiku bedhekan kang diwujudake tembang, lumrahe tembang macapat.

Tuladhane:

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

Sabamu ing alas

Ngon-ingone Sri Bupati

Yen lumaku si pucung lembeyan grana

Wangsulane : gajah

 

WANGSALAN

Wangsalan yaiku unen-unen kang saemper karo cangkriman nanging batangane uyawa bedhekane wis cumawis ana gatra mburine.

Tuladhane:

  • Njanur gunung, kok kadingaren kowe dolan menyang omahku (janur gunung: aren – kadingaren)
  • Klapa mudha aja gawe dheg-dhegane atiku! (klapa mudha : degan – dheg-dhegan)

 

TEMBUNG ENTAR

Tembung entar yaiku tembung kang nduweni teges ora sanyatane.

Tuladhane:

  • dawa tangane : seneng nyolong
  • gedhe endhase : gumedhe

 

YOGYASWARA

Yogyaswara saka tembung yogya tegese becik utawa prayoga lan swara tegese uni. Mula yogyaswara tegese swara kang keprungu becik.

Tuladhane:

  • dewa-dewi
  • raseksa-raseksi
  • putra-putri
  • kedhana-kedhini

Pasinaon ngenani basa rinengga iki uga bisa dideleng ana ing video iki, sarta aja lali nindakake like lan subscribe supaya ora ketinggalan anggone sinau Basa Jawa.



Sugeng angudi ngelmu!

No comments:

Post a Comment