Breaking

Friday, January 13, 2023

CERGAM BASA JAWA - PROFIL PELAJAR PANCASILA

sasana widya guru


Cergam utawa kerep diarani crita gambar yaiku crita kang nyritakake sawijine kedaden lan nggunakake gambar-gambar sarta pacelathon utawa cecaturan. Crita-crita gambar iki lumrahe ditemokake ing komik, buku crita bocah, lan wujud sapanunggalane.

 

Sajrone kalodhangan iki ayo padha gladhen nggawe Cergam nggunakake basa Jawa manut karo paugerane undha-usuk basa lan unggah-ungguh kang trep. Coba bocah-bocah bisa ngeling-eling wujude undha usuk basa kaya mangkene:

 

  • Ngoko lugu: tembung-tembunge ngoko kabeh (J-W-L-K-P)
  • Ngoko alus: tembunge ngoko (L-K-P), dene tembunge krama (J-W)
  • Krama lugu: tembunge krama (J-L-K-P), dene tembunge madya (W)
  • Krama alus: tembung-tembunge krama kabeh (J-W-L-K-P)


Baca juga: Materi Unggah-Ungguh Basa Jawa SMA

 

Saliyane iku tema kang digunakake sajrone nulis Cergam iki yaiku Enem (6) Profil Pelajar Pancasila kayata:


  • Beriman, bertakwa kepada Tuhan yang Maha Esa dan berakhlak mulia;
  • Mandiri
  • Bergotong-royong
  • Berkebinekaan global
  • Bernalar kritis
  • Kreatif.


Tuladha Cergam
 

Kanggo bocah-bocah kang wis rampung bisa dikumpulake lumantar link iki:

 

+++ Ngumpulake Cergam Basa Jawa +++

  

Sugeng makarya lan matur nuwun! (*)

No comments:

Post a Comment