Breaking

Thursday, January 12, 2023

BUKU KIRTYA BASA 7 - NULIS TEKS GURITAN

sasana widya guru


Guritan yaiku puisi Jawa gagrak anyar kang ora kaiket dening paugeran kayata guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging isih ngugemi rasa kaendahan. Minangka sawijining jinis karya sastra kang ngugemi kaendahan, Endahing geguritan dumunung ing pamiilihe tembung sing mentes, trep, lan mantesi, nggunakake wirama utawa lagune, lan lelewaning basa kang maneka warna. 

 

Semaken gambar ing ngisor iki, banjur salah siji gawenen geguritan!


1.     Tanduran Bakau




2.     Swasana ing Sawah




3.     Kebon Kewan Kutha Surabaya



Sejatine ora ana cara kang mligi kanggo nulis guritan.

Kanggo nggampangake ajar nulis guritan dakandharake trap-trapan kaya kang kacetha ing andharan iki.

  • Nemtokake tema apa kang bakal katulis ing guritan. Kanthi anane tema kang wis katemtokake kita bakal nduweni pathokan lan pikiran ora dadi ngambra–ambra.
  • Ngumpulake tetembungan kang ana sesambungane karo tema kang ditemtokake. Upamane tema kang kita temtokake ngenani bab panyuwune murid marang guru.
  • Ngrakit gatra (frase) adhedhasar tetembungan kang wus dikumpulake.
  • Adhedhasar trap-trapan nomer 1, 2 lan 3 kasebut kita bisa ngrakit guritan.


Ngumpulake guritan lumantar link iki:

 

+++ Guritan Tema Lingkungan +++

  

Sugeng makarya lan mugi-mugi migunani! (*)

No comments:

Post a Comment