Breaking

Thursday, October 20, 2022

PEPINDHAN-PANYANDRA: PENGERTIAN DAN CONTOH

Sasana Widya Guru


Pepindhan adalah ungkapan dalam bahasa Jawa yang memiliki arti tidak sesungguhnya. Kalau dalam Bahasa Indonesia pepindhan disebut pengandaian. Penggunaan pepindhan dalam konteks kalimat atau wacana biasa disertai dengan kata-kata: kaya, lir, pindha, kadya, (dalam bahasa Indonesia; seperti, mirip) dan sebagainya.  

 

Pepindhan sering digunakan dalam percakapan setiap hari, panyandra dalam acara pengantin adat Jawa, dan juga kegiatan kesusastraan. Contoh pepindhan yang biasa digunakan oleh masyarakat Jawa, misalnya:

 

  • Ayune kaya Bathari Ratih
  • Baguse kaya Bathara Kamajaya
  • Galake kaya macan manak

 



Panyandra adalah ungkapan yang mirip dengan pepindhan yang memiliki arti membandingkan dan memiliki makna mirip atau seperti. Perbedaan antara pepindhan dan panyandra adalah bentuk pembandingnya, jika pepindhan membandingkan dari dua sisi (baik dan buruk), sedangkan panyandra membandingkan hal-hal yang baik saja.

 

Jadi tujuan panyandra adalah untuk memuji keindahan, misalnya keadaan manusia, hewan, tumbuhan, alam, dan sebagainya.

 

Berikut ini contoh panyandra untuk manusia:

 

  • Bathuke nyela cendani = bathuke alus
  • Pipine nduren sajuring = bentuk pipine kaya duren sajuring (lancip)
  • Pundhake nraju mas = pundhake rata, kiwa-tengene




Berikut ini contoh panyandra untuk alam atau keadaan sekitar:

 

Swuh rep data pitana, hanenggih pundi ta negari, pundi ta desa, ingkang wonten wisma kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi tembung linuwih, dasa wilangan sepuluh, purwa wus ngarani marang kawitan.

 

Tinon saking mandrawa pranyata punika satunggaling wisma ingkang mapan ing desa kang mujudaken pacrabakan ingkang panjang punjung pasir wukir gemah ripah loh jinawi. Nenggih desa ........., kecamatan ........, kabupaten ............. adiningtyas.

 

Panjang, dawa pocapane. Punjung, dhuwur kawibawane. Pasir, pawedhen. Wukir, gunung. Loh, tegese subur kang sarwa tinandur. Gemah-ripah, ateges murah ingkang sarwa tinuku.

 

Wusnya mangkono, sanadyan kathah titahing wong bathara kang kasongan ing angkasa sinangga ing pratiwi kinepit ing samodra, parandene, maksih kathah titah ingkang samya anggana raras. Awit ngupaya ing sewu desa tan antuk sedasa, satus datan waged jangkep ngaturnya ing kalih.

 

Mila mangkono, ing sedya hastuti mestuti murih lestantun lampahing budaya. Jinantur ing tutur. Katela tetela, kathah kang maksih trah ingkang dinama-dama, hanggung hanguri-uri lestantuning budaya. Pralambang kang matumpa-tumpa pindha wang-wing wilapa.

 

Mastuti sabda pangandika ujaring para kina ingkang sampun jinempana ing maruta cinandhi ing awiyat, sarta mulat edi endahing budaya luhur marsudi mardawaning budaya tulus. Mangka atekad warsita gupita manggung. Panggung-panggeng panggunging wong sang murang tata, kinarya bebukaning panyandra.


Berikut ini contoh panyandra dalam upacara panggih pangantin adat Jawa:




 

Selamat belajar dan terima kasih! (*)

No comments:

Post a Comment