Breaking

Tuesday, October 18, 2022

CANTRIK

Sasana Widya Guru


Dening:

Bangkit Irmanudin Bahri

 

Cantrik, ngudi ngelmu tanpa pamrih

Sepi ing pamrih, ora maelu weteng ngelih

Ora nglentrih senajan kebak tatu perih

 

Beda banget karo jaman saiki

Wis ora ana maneh wujude cantrik

Anane mung siswa arane peserta didik

Pacrabakan wis sepi, anane dhingklik ngangklik-angklik

 

Sapa yen sinau ora betah melek lan lesu?

Mung tansah mikirake madhang lan turu

Madhang wareg, ning bawa rasa ora dipaelu

Turu angler, yen kebacut nganti ngiler, ngoroke seru

Dadine kapribaden disingkur, laku dadi saru

 

Yen guru mulang bengoke jam kosong

Ora rumangsa jiwane wis mlompong

Kopong mlompong mung plenggang-plenggong

Longa-longo kaya kebo tur ompong

 

Wis cupeten anggonmu ngresula

Urip ora trima mung didoli piala

Nrima, legawa, aja lali pangupaya

 

Surabaya, 17 Oktober 2022

No comments:

Post a Comment