Breaking

Sunday, October 9, 2022

NGGAWE POSTER LAN SINOPSIS SANDHIWARA

Sasana Widya Guru


Bocah-bocah sing daktresnani, ana ing kalodhangan iki ayo padha sinau nggawe poster lan nulis sinopsis sandhiwara tradhisional. Bocah-bocah wis mangerteni yen sandhiwara tradhisional yaiku sandhiwara kang ngemot cerita saka sawenehe dhaerah (kedaerahan) lan nuduhake kearifan lokal ing papan kasebut. Saliyane iku coba gatekna:


  • Poster yaiku gambar ngenani sawijine bab sing digunakake kanggo menehi wara-wara tumrap wong liya supaya mangerteni isine.
  • Sinopsis yaiku ringkesan crita kang isine padha karo sakabehe adegan ing crita.

 

TULADHA POSTER SANDHIWARA “GOLAN-MIRAH”

 


TULADHA SINOPSIS SANDHIWARA “GOLAN-MIRAH”

Tumapake taun 1486, pangaribawane Praja Wengker wis wiwit wudhar. Senajan ta kaya mangkono, isih ana sisa-sisane kukuwatan kang dipandhegani Ki Ageng Kutu Suryangalam ing Kademangan Surukubeng. Kekuwatan-kekuwatan iku dumunung ing Desa Siman, Gunung Loreng, Gunung Pegat, Desa Sukosewu, sarta kang ora kalah manjila yaiku ing Desa Golan utawa Karang. Desa kasebut kapandhegan dening Ki Hanggalana. Sakabehe panguwasa lan warga ing Desa Golan isih nggilut agama Budha.

 

Kadulu saka wewengkone, Desa Golan iku cecaketan karo Desa Mirah utawa Nambangan. Desa Mirah iku minangka papan dununge Ki Ageng Mirah utawa Kyai Muslim. Panjenengane minangka ulama sing neneka ing wewengkon Wengker tinimbang Bathara Katong.

 

Nalika putrane Ki Hanggalana sing jenenge Jaka Lancur kepengin anggarwa putra putrine Ki Ageng Mirah, dumadi sawijine kedaden kang banget ora dipengini. Kedaden iku diwiwiti saka bedane agama kekarone calon panganten, saengga ndadekake pepati tumrap kekarone.

 

Pratandha alam kang tuwuh saka kedaden kasebut, ana kali kang mili saka Desa Golan lan Desa Mirah, nanging ora bisa nyawiji. Ki Ageng Kutu kasoran dening Bathara Katong lan jisime musna ing Gunung Dloka, dene Ki Hanggalana kaperjaya dening Raden Selaaji.

 

Tumekane saiki warga Desa Golan lan Desa Mirah tetep nggondheli saperangan gugon tuhon utawa wewaler. Warga Desa Mirah ora ana sing wani nyimpen kawul lan titen ing sakiwatengene omah, amarga gampang kobong. Warga Desa Golan lan Desa Mirah ora ana sing wani jejodhohan manut lelakone Jaka Lancur lan putra putrine Ki Ageng Mirah. Warga Desa Mirah lamun nggawa barang saka Desa Golan, sadurunge metu saka desa kasebut mesthi bingung lan ora bisa bali menyang omahe. Semono uga dumadi kanggo suwalike lan becike barang kasebut dibalikake ing papan dununge maneh.


Bisa diwaca:


+++ Sinopsis Legenda Desa Golan dan Desa Mirah === (Bahasa Indonesia) +++


+++ Link Ngumpulake Poster lan Sinopsis +++  


Sugeng makarya lan matur nuwun! (*)

No comments:

Post a Comment