Breaking

Wednesday, October 12, 2022

RUJAK CINGUR

Sasana Widya Guru


Dening:

Bangkit Irmanudin Bahri

 

Dolur apa Kon wis tau icip rujak cingur?

Kebacut yen dorung, merga dhaharan iku wus misuwur

Eling-elingen atusan taun kapungkur

Rujak cingur asile olah boga para leluhur

 

Dolur-dolurku sing padha sanja ndhok Jawa Timur

Rujak cingur ora lali dakcawisna kanggo para sedulur

Dakgerusna kacang, traseh, mbarek petis iku bumbune rujak cingur

Ora abang-abang lambe Lur

Iki nyata, supaya paseduluran bisa sempulur

 

Aja kaget mbarek cubriya hlo Lur!

Nontok aku basa lan catur

Wus ciri wancine wong Jawa Timur

Thok leh ora tedheng aling-aling apa maneh uwur-uwur

Ora wedi ajur dadi sawur

Tansah sengkud makarya kanggo urip makmur

 

Surabaya, 12 Oktober 2022

 

No comments:

Post a Comment