Breaking

Sunday, September 19, 2021

SINAU MACA EKSPRESIF CRITA CEKAK

SINAU MACA EKSPRESIF CRITA CEKAK


Bocah-bocah ana ing kalodhangan iki ayo sinau maca ekspresif crita cekak. Perlu dimangerteni yen crita cekak uga kerep diwancah dadi cerkak. Apa ta cerkak iku? Cerkak yaiku reriptan sastra Jawa kang wujude gancaran.


MATERI SINAU MACA EKSPRESIF CRITA CEKAK

 

MACA EKSPRESIF CERKAK

Maca ekspresif yaiku ketrampilan maca sing bisa medharake gegambarane rasa-pangrasa lan gagasan pangripta karya sastra kanthi gamblang. Lumrahe maca ekspresif ditindakake kanthi kegiyatan maca kanggo medharake isine wacan tumrap wong liya. Mula kadhang kala ana pamireng sing bisa nyurasa isine karya sastra, saengga bisa ndayani rasa-pangrasane kayata tuwuh rasa susah, seneng, prihatin, lan sapanunggalane.

 

Maca ekpresif karya sastra iku minangka wujud pementasan sing nuduhake anane sesambungan antarane pamaos lan pamireng. Pamaos nduweni kalungguhan minangka pamedhar crita sing kudu ngandharake gagasane pangripta kang kababar sajrone karya sastra marang .pamireng. Mula saka iku pamaos kudu bisa nduweni cara maca kang trep supaya pamireng bisa nyurasa isine karya sastra.

 

Maca ekspresif trep ditindakake kanggo maca karya sastra, kayata puisi lan gancaran. Maca ekspresif gancaran beda karo puisi, amarga sajrone teks gancaran iku ana rong perangan yaiku teks narasi sing nggambarake kahanan sajrone crita lan teks cecaturan sing nggambarake gunemane para paraga. Jinise gancaran kang tinemu ing kasusastran Jawa, tuladhane crita cekak (cerkak), crita sambung (cerbung), lan novel.

 

JINIS MACA EKSPRESIF CERKAK

Maca ekspresif cerkak bisa ditindakake kanthi cara rong werna, yaiku:


Dramatik

Maca cerkak dramatik yaiku teks cerkak diwaca kanthi cara bebarengan. Maca bebarengan iki ditindakake kanthi saperangan wong kanthi ayahan dhewe-dhewe, tuladhane ana sing maca teks narasi lan ana sing maca teks cecaturan manut karo cacahe paraga sajrone crita.

 

Monologis

Maca cerkak monologis yaiku teks cerkak diwaca kanthi cara pribadi utawa dhewekan. Maca dhewe iki saemper karo dhalang nalika nindakake pagelaran wayang kulit. Wong sing maca cerkak kanthi cara monologis kudu bisa ngecakake titi swara kang trep. Tuladhane titi swara kang kudu ditindakake yaiku bisa mbedakake wetune swara, yaiku nalika maca teks narasi kudu beda karo maca teks cecaturan saben paraga ing crita.

 

PAUGERAN MACA EKSPRESIF CERKAK

Maca ekspresif cerkak tujuwane medharake gagasan pangripta sajrone karya sastra, mula anggone maca kudu digladhi kanthi temenan. Paugeran maca ekspresif cerkak yaiku:

 

Titi Swara

Maca ekspresif cerkak kudu mawas anane titi swara, luwih-luwih yen macane kanthi cara monologis. Cethane titi swara iki minangka cara mbedakake unine utawa jinise swara. Perangane titi swara kanggo maca ekspresif cerkak kayata:

 

>>> Maca Teks Narasi

Cara maca teks narasi ditindakake kanthi swara kang anteb lan merbawani supaya gegambarane kahanan ing crita bisa diweruhi dening pamireng kanthi cetha.

 

>>> Maca Teks Cecaturan

Maca teks cecaturan iki kanggone cara monologis kudu bisa mbedakake antara para siji lan liyane, supaya pamireng ora cawuh lan bingung anggone mengerteni isine crita. Cara dramatis ora angel anggone maca teks cecaturan, amarga ditindakake dening wong luwih saka siji utawa klompok. Bedane unine swara ing teks cecaturan iki uga didhasari dening watake paraga sajrone crita.

 

Greget Saut

Greget saut yaiku imbal-imbalan utawa genti-genten anggone guneman para paraga. Mungguhe pagelaran wayang, greget saut padha karo antawacana. Pamaos kudu bisa ngecakake greget saut kang padha karo kahanan sanyatane manut teks narasi lan gegambaran sajrone crita, upamane kahanan adu bantah, geger, gegojegan, kesusahan, lan sapanunggalane.

 

Polatan

Polatan iki nuduhake praupane pamaos nalika maca cerkak. Lumrahe anggone maca iki bisa cetha lamun kajurung saka polatane pamaos. Tuladhane nalika kahanan sedhih kudu nuduhake polatan sedhih, nalika kahanan seneng kudu nuduhake polatan seneng, nalika paragane seneng geguyonan uga kudu dilarasake.

 

TATA CARA MACA EKSPRESIF CERKAK

Tata cara nindakake maca ekspresif cerkak kaya mangkene:

  • Ditemtokake luwih dhisik kanthi cara dramatis utawa monologis.
  • Gladhen nemtokake titi swara kang bakal digunakake.
  • Gladhen ngecakake greget saut kang trep karo watake paraga.
  • Gladhen ngecakake polatan kang laras karo kahanan sajrone crita.
  • Nindakake maca ekspresif cerkak manut rantaman nalika gladhen.

 

TULADHA MACA CRITA CEKAK

Bocah-bocah kanggo gladhen ana ing kalodhangan iki daksiyapake vidheo maca crita cekak kanthi irah-irahan “Ludrug Tinggalane Leluhurku”. Coba digatekake kanthi premati!


 


Katrangan:

Naskah crita cekak kanthi irah-irahan “Ludrug Tinggalane Leluhurku” bisa dideleng lan diundhuh ing kene:

>>> Cerkak Ludrug Tinggalane Leluhurku


TATA CARA MENEHI PAMAWAS MACA EKSPRESIF CERKAK

Tata cara nindakake maca ekspresif cerkak kaya mangkene:

  • Nemtokake sarana menehi pamawas, saengga bisa diwenehake lumantar tulis utawa lisan.
  • Menehi pamawas lamun wis diwenehi wektu.
  • Nggunakake basa kang trep karo unggah-ungguh basa.
  • Lamun menehi pamawas kang asipat lisan uga kudu mawas solah bawa.

 

Muga-muga pasinaon iki migunani. Nuwun! (*)

No comments:

Post a Comment