Breaking

Sunday, August 2, 2020

SINAU PADA UTAWA TETENGER

Belajar Pada atau Tetenger

Tandha pocapan utawa panulisan ing Aksara Jawa sing diarani pada utawa tetenger. Wujude pada sing asring digunakake ing Aksara Jawa yaiku:

 

Pada Adeg-adeg

Pada adeg-adeg, panganggone ing wiwitane ukara, utawa kanggo nulis bab anyar.

Tuladha: Bapak tindak kantor.

 

Pada Lingsa

Pada lingsa panganggone padha karo tandha koma ( , ).

Tuladha: Aku tuku buku, topi, lan sepatu.


Pada Lungsi

Pada lungsi, panganggone padha karo tandha titik ( . ).

Tuladha: Simbah lagi gerah waja.


Pangkon

Pangkon panganggone bisa dadi sesulihe pada lingsa/tandha koma ( , ) manawa ing tengahe ukara ana paten pangkon.

Tuladha: Wawan, Nunik, lan Budi budhal sekolah.


Pangkon panganggone bisa dadi sesulihe pada lungsi utawa tandha titik ( . ) manawa ing pungkasane ukara ana paten pangkon. Pada lungsi mung katulis siji wae.

Tuladha: Suci lan wati lagi lara panas.



Pada Pangkat

Pada pangkat panganggone:

Kanggo ngapit angka Jawa utawa ngelet-eleti panulise angka Jawa sing manggon ing tengah-tengahe aksara Jawa.

Tuladha: Dhuwitku ana 78.350.

Kanggo nulis tandha ukara langsung (tanda kutip) lan kanggo menehi sasmita manawa tembung kang diapit iku wigati utawa penting (tanda petik).

Tuladha: Bapak ngendika,” Aku lunga menyang Malang.”


Dadi gantine tandha titik loro ( : ) sawise tembung kayata, yaiku utawa yakuwi, mengkene.

Tuladha: Ing desane simbah akeh woh-wohan kayata: dhuku, salak, manggis, pelem, lan rambutan.

Sugeng angudi ngelmi. (*)

No comments:

Post a Comment