Breaking

Sunday, June 7, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 7 TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF

Contoh Teks Tanggapan Deskriptif

Teks tanggapan dheskriptif yaiku teks sing isine nggambarake kahanane obyek kanthi cetha lan rinci. Tujuan paragraf ing teks tanggapan dheskriptif yaiku kanggo njlentrehake, nerangake sawenehe obyek marang sing maca saengga wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake, ngrungokake, ndeleng utawa ngalami tumrap apa sing wis didheskripsekake dening penulise. Tanggapan dheskriptif yaiku kesan tumrap apa sing wis dideleng, dirungu marang (tumrap) obyek tartamtu, lan nalika maca kaya-kaya weruh lan ngrasakake obyek sing  diwaca.

 

TITIKANE TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF

Nggambarake panggonan, wong, barang, kahanan nganggo pancadriya

Tujuane supaya wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake utawa ndeleng dhewe marang obyek sing didheskripsekne

Gegambarane obyek diterangake kanthi gamblang lan rinci.

 

STRUKTUR TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF

Idhentifikasi yaiku perangan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri), barang, tandha lan sapanunggalane.

Klasifikasi utawa dhefinisi yaiku perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa klompoke.

Dheskripsi bagean yaiku perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci.

 

Sugeng Angudi Ngelmu!

 

No comments:

Post a Comment