Breaking

Sunday, June 7, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 7 TEKS PROFIL TOKOH

Contoh Teks Profil Tokoh

Teks profil tokoh yaiku wacan sing ngemut lelakon sawijine paraga sing kawentar. Paraga-paraga sing bisa didadekake wacan lumrahe saka golongane pemimpin utawa pemerintah, pahlawan, artis utawa seniman, lan sapanunggalane. Tujuwan maca teks profil tokoh yaiku bisa tepung karo paraga kasebut lan bisa nuladha kabecikane kanggo urip sabendinane.

 

STRUKTUR TEKS PROFIL TOKOH

  • Tetepungan (orientasi) yaiku perangan teks sing isine ngenalake tokoh, umume ngandharake jeneng, papan kelairan, lan kulawargane.
  • Prastawa yaiku perangan sing ngandharake kahanan, prastawa, masalah sing tau dialami nanging sing menjila lan duwe kesan mirunggan kang bisa didadekake tepa-tuladha.
  • Dudutan (reorientasi) yaiku perangan panutup lan ngandharake pandhangan lan pamawase  panulis marang tokoh sing dicritakake.

 

MANGERTENI ISI TEKS PROFIL TOKOH

Bab-bab sing kudu digatekake sajroning maca teks profil tokoh.

  • Anggone maca kudu kebak kawigaten (konsentrasi), supaya bisa mahami isine wacan.
  • Sajroning maca ing njero batin wae (ora ngetokake swara utawa kecapan).
  • Maca sing becik iku kudu sinambung (ora satembung-satembung).
  • Ora mbaleni ukara utawa larikan sing wis diwaca.
  • Wektu maca yen ana bab-bab sing wigati (penting), ukarane bisa digarisi ngisore, utawa diblok nganggo stabillo utawa bisa uga dicathet ing buku cathetan, supaya luwih gampang njupuk dudutane (kesimpulan).
  • Mahami gagasan baku (ide pokok) kang kinandhut ing saben-saben paragraf. 
  • Mangerteni isi lan maknane wacan kanthi wutuh.

Sugeng angudi ngelmi!


6 comments: