Breaking

Thursday, May 7, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 7 AKSARA JAWA

Aksara Jawa Kelas 7

Aksara Jawa sinebut dentawyanjana, asale saka tembung denta tegese untu lan wyanjana tegese aksara. Dentawyanjana manut teges asline, yaiku aksara untu, nanging lumrah diarani carakan.

 

AKSARA JAWA LEGENA

Gunggunge aksara Jawa iku ana rongpuluh, yaiku saka aksara ‘ha’ tumekane aksara ‘nga’. Cethane wujude aksara Jawa kaya mangkene.


Aksara Jawa Legena


Carane migunakake kaya nulis biasa, yaiku kanthi nata / ngurutake kaya unine sing arep ditulis. Gatekna tuladha ing ngisor iki :


Contoh Aksara Legena


SANDHANGAN AKSARA JAWA 

Aksara Jawa kang cacahe ana 20 wis diterangake menawa awujud legena. Menawa arep muni swara liyane, kudu diwenehi sandhangan. Sandhangan iku ana telung warna, yaiku sandhangan swara, sandhangan panyigeg wanda, lan sandhangan wyanjana.

 

Sandhangan Swara

Sandhangan swara cacahe ana lima yaiku kanggo nulis swara i , u , ê, e, lan o . Swara /e/ ana werna loro, kang pancen ana ing basa Jawa ana / e/ sing unine / ê /, ana sing unine /e/. Aja kuwatir! Mengko bakal dijlentrehake amrih ngerti lan jelas uni lan sandhangan kang digunakake. Wujude sandhangan swara ing ngisor iki:


Sandhangan Swara Aksara Jawa
 

Sandhangan Panyigeg Wanda

Sigeg tegese mati tumrape aksara (huruf), dadi sandhangan panyigeg wanda yaiku sandhangan kang digunakake kanggo ngganteni aksara sigeg (huruf mati). Aksara sigeg (huruf mati) kang diganteni nganggo sandhangan iki ana telu, yaiku: h, r, lan ng Wujude Sandhangan Panyigeg Wanda:

 

Sandhangan Panyigeg Wanda

Sandhangan pangkon gunane kanggo mratelakake yen aksara kang dipangku iku dadi sigege wanda kang ana ing ngarepe. Kejaba iku, sandhangan pangkon uga dadi sesulihe pada lingsa lan menawa diwuwuhi pada siji (lingsa) dadi lelirune pada lungsi.

 

Sandhangan Wyanjana

Sandhangan wyanjana iku ana telu. Wujud, jeneng, lan gunane ing sajroning tembung kaya pratelan ngisor iki. 


Sandhangan Wyanjana Aksara Jawa



PASANGAN AKSARA JAWA

Pasangan iku minangka aksara Jawa kang digunakake minangka pasanagane aksara Jawa kang mati. Panganggone pasangan iku saben sabanjure aksara mati. Gunggunge pasangan padha karo aksara Jawa utawa dentawyanjana.


Pasangan Aksara Jawa

Gatekna carane nulis migunakake pasangan :


Cara Nulis Aksara Jawa


Aksara sigeg ditulis legena, sawise aksara sigeg ditulis nganggo pasangan. Aksara sigeg r, h lan ng ditulis nganggo sandhangan panyigeg wanda, kaya tuladha ing dhuwur. Aksara sigeg r ditulis nganggo layar. 

Tuladha migunakake pasangan :


Contoh Pasangan Aksara Jawa


Sugeng angudi ngelmu. (*)

 

No comments:

Post a Comment