Breaking

Thursday, May 7, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 11 GEGURITAN

Panggurit

Geguritan yaiku puisi Jawa gagrag anyar sing ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging isih ngugemi anane rasa kaendahan. Minangka sawijining jinis karya sastra kang ngugemi kaendahan, Endahing geguritan dumunung ing pamiilihe tembung sing mentes, trep, lan mantesi, nggunakake wirama utawa lagune, lan lelewaning basa kang maneka warna. Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, bab-bab sing kudu digatekake yaiku mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake, kudu nggatekake pocapan lan wiramane lan bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep.


MANUT PANEMUNE AHLI BASA

Tembung geguritan asale saka tembung gurit kang ateges gubah, karang, sadur. Yen ing kamus umum Bahasa Indonesia dijlentrehake geguritan iku asale saka tembung gurit kang ateges sajak utawa syair (Poerwadarminta, 1986: 161). Miturut Hadiwijaya (1967: 129), Geguritan yaiku golongane sastra kang edi (puisi) cengkok anyar, wedharing rasa edi, kalair basa kang laras runtut karo edining rasa, nanging ora usah kecancang ing pathokan-pathokan, wilangan, dhong-dhing kang tetep tinamtu, beda banget karo sipate tembang macapat lan sapanunggale. Wondene miturut Subalidinata (1999), geguritan yaiku iketane basa kang memper syair, mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar.

 

JINIS GEGURITAN

Geguritan kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas lan geguritan gagrag anyar. Titikane geguritan gagrag lawas, yaiku diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit, lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra, guru lagu (wirama) gumathok. Geguritan gagrag anyar ora kaiket paugeran kaya mangkono mau. Geguritan gagrag anyar ora nduweni struktur kang baku ngenani cacahe gatra, apadene cacahe pada. Senajan kaya mangkono, nanging geguritan gagrag anyar isih ngugemi rasa kaendahan kang diwujudake kanthi panganggone basa rinengga.

Sastrawan Jawa

STRUKTUR TEKS GEGURITAN

Struktur teks geguritan iku kaperang dadi loro, yaiku struktur lair lan struktur batin. Struktur lair, yaiku wujud basa kang konkret lan bisa diobservasi, dene struktur batin, yaiku makna abstrak saka ukara (basa) kasebut, kayata struktur makna kang kepengin diwedharake.

 

STRUKTUR LAIR

1.    Wujude Geguritan (Tipografi)

Wujude geguritan utawa diarani tipografi iki minangka pamawas tuymrap gegambarane wujud panulisane geguritan. Geguritan iku lumrahe tinulis ora ngebaki larik, ora kawiwitan aksara kapital, lan saben larik ora dipungkasi kanthi tetenger (tanda baca).

2.    Pamilihe Tembung (Diksi)

Pamilihing tembung utawa diksi, yaiku tetimbangan sajrone nggunakake tembung-tembung kang laras kanggo ngandharake kekarepan lan pengangen-angen, tanpa ninggalake rasa kaendahan utawa larasing unine.

3.    Pandungkape Pancadriya (Imaji)

Pandungkape pancadriya, yaiku wujud pengalaman kang wis dirasakake dening pancadriya, kayata paningal, pangrungu, lan pangrasa. Tujuwane kanggo nggawa pangrasane pamaos kaya apa kang dirasakake dening panggurit. Pandungkape pancadiya bisa kaperang dadi telu, yaiku pandungkape swara (auditif), pandungkape rupa (visual), lan pandungkape raba/sentuh (taktil)

4.    Tembung Konkret

Tembung konkret, yaiku tembung-tembung mligi kang bisa tinangkep dening pancadriya lan bisa nuwuhake pandungkape pancadriya utawa panyakrabawa. Tembung  konkret bisa awujud tembung entar utawa pralambang.

5.    Lelewaning Basa

Lelewaning basa, yaiku panganggone tembung utawa ukara kang klebu basa rinengga kanthi tujuwane nambahi rasa kaendahane geguritan. Jinise basa rinengga sajrone kasusastran Jawa iku akeh banget lan panganggone bisa kacundhake manut rasa-pangrasane panggurit.

6.    Wirama

Wirama utawa guru lagu, yaiku runtute swara ing geguritan kang bisa dumunung ing wiwitan, tengah, lan pungkasaning larik.

 

STRUKTUR BATIN

1.    Tema (Sense)

Tema yaiku sawijining kekarepan kang dadi dhasare panggurit ngripta geguritan. Jinise tema iku akeh banget, kayata religius, panguripan, panggulawenthah, kasarasan, lan sapanunggalane.

2.    Rasa-Pangrasa (Feeling)

Rasa-pangrasa, yaiku pandungkape rasane panggurit tumrap bakune pirembugan kang kinandhut sajrone geguritan. Rasa-pangrasa iki ana gegandhengane karo latar belakang panggurit, yaiku agama, pendhidhikan, drajat-pangkat, umur, lan sapanunggalane. Rasa-pangrasa iki jinise kayata bungah, susah, sengit, lan sapanunggalane.

3.    Nada (Tone)

Nada, yaiku tatacarane panggurit anggone medharake kekarepan sajroning geguritan. Tatacarane panggurit medharake kekarepane, kayata ngguroni, nandhesake, mborongake marang pamaos, lan sapanunggalane.

4.    Piwulang (Amanat)

Piwulang, yaiku pitutur luhur kang kepengin diwedharake dening panggurit kanggo pamaos kang diwedharake lumantar geguritan. Pangarep-arepe pamaos bisa nindakake sakabehe piwulang luhur kasebut ing bebrayan.

 

MANGERTENI ISINE GEGURITAN

Bab-bab sing kudu digatekake sadurunge nemtokake isine geguritan, luwih dhisik kudu mangerteni gagasan baku (ide pokok) kang kinandhut ing saben-saben pada (bait). Kanggo mangerteni isining geguritan bab-bab sing kudu digatekake, yaiku

  • Negesi tetembungan sing katulis ing geguritan kasebut, yen kangelan negesi tembung-tembung kawi, bisa digoleki ing bausastra (kamus).
  • Mahami maknane tulisan ing saben-saben gatra utawa larik lan nulis ing sawijining ukara.
  • Nggathukake maknane ing antarane gatra siji lan gatra liyane sing wis tinulis ing ukara.
  • Nggoleki dudutan (kesimpulan) saka pokok pikiran sing kinandhut ing sawijine pada/bait.
  • Nulis ukara sing dadi gagasan baku (ide pokok) ing sawijining pada.

Sugeng angudi ngelmu!

 


No comments:

Post a Comment