Breaking

Tuesday, February 28, 2023

SINAU DONGENG BASA JAWA

sasana widya guru


Dongeng yaiku crita khayalan utawa crita sing ora nyata kedadeyan. Lumrahe dongeng iku nglipur lan ngandhut piwulang luhur. Dongeng iki dhewe digawe lan dicritakake bola-bali dening wong. Crita kasebut digawe amarga inspirasi saka sawijining acara.

 

Dongeng minangka warisan saking para leluhur kang kudu dilestarekake kanthi turun temurun. Dongeng iki dhewe mujudake karya sastra kang bisa mbangun watake bocah kanggo sinau imajinasi.


Baca juga: Materi Cerita Rakyat Bahasa Jawa SMP

  

Dongeng minangka karya sastra nduweni titikan kaya mangkene:

  • Diandharake kanthi cara lisan.
  • Sumebar kanthi wektu kang suwe.
  • Dumadi ana saweneh jinis.
  • Ora nyebutake sapa sing nggawe.
  • Nduweni tetembungan kang mligi.
  • Nduweni piguna tumrap bebrayan agung.

 

Tuladhane dongeng:


Juru Amèk Iwak lan Iwak Cilik


 SASANA WIDYA GURU


Ana juru amèk iwak mancing ing pinggir kali. Barêng anibakake pancinge, ora antara suwe ana iwak cilik, saka kurang wiweka anyarap pancing, banjur kêna. Saka gêtêre marang gêgantunganing pêpasthèn, awit wus dicêkêl marang kang mancing, arêp dilêbokakê ing kêpis, anuli mêtu akale.

 

Calathu angasih-asih marang kang mancing: dhuh kyai sanak, kula mugi sampeyan êculakên malih, awit taksih alit sapele ingatasipun sampeyan. Sampeyan mancing malih măngsa ngantosa dangu amasthi pikantuk sadasa, ingkang agêngipun ngungkuli kula.

 

Kajêngipun kula agêng rumiyin benjing sampeyan wangsul, kula sampeyan pancing. Juru amèk iwak amangsuli: hèh kănca cilik, rungokna calathuku. Kowe nêdya ambalilu aku, luput ciptamu.

 

Yèn kowe saiki dak culna, kaya-kaya salawase ora kêna dak pancing manèh. Kowe ing mêngko wus kacêkêl dening aku, iku wus masthi katêkêm ana ing tanganku. Mulane kowe gêntho cilik mêngko bakal malêbu ing wajan, banjur rampung.

 

Êliding dongèng mangkene: samubarang kang wus masthi, yèn kolirokake karo kang durung masthi, tartamtu kowe bakal kalorop.

 

Coba bocah-bocah nindakake dongeng lan vidheo bisa dikumpulake lumantar link iki:

 

+++ Ngumpulake Vidheo Dongeng Basa Jawa Kelas 7 +++

 

Matur nuwun lan muga-muga bisa migunani! (*) 

No comments:

Post a Comment