Breaking

Friday, August 27, 2021

AYO SINAU AKSARA LEGENA

Ayo Sinau Aksara Legena

Bocah-bocah ing kalodhangan iki ayo padha sinau aksara legena. Perlu dingerteni yen aksara legena iku aksara sing isih wutuh kaya wujud asline kang tanpa pada lan tetenger. Coba gatekna kanthi premati pirembugan iki.

 

NGARANI AKSARA LEGENA

Aksara legena (dentawiyanjana) iku cacahe ana 20. Yen digatekake, kabeh vokal kang ngantheni aksara migunakake lafal /a/. Wujude kaya mangkene:


Aksara Legena

 

NANDHINGAKE AKSARA LEGENA

Wujude aksara Jawa kang saemper kayata:

Aksara Legena kang Saemper


NULIS AKSARA LEGENA

Carane migunakake kaya nulis biasa, yaiku kanthi nata utawa ngurutake kaya unine sing arep ditulis. Panulise aksara Jawa kanthi cithak kudu ditulis jejeg. Gatekna tuladha iki.

 

Tuladha Aksara Legena Cithak


Panulise aksara Jawa kanthi tulis tangan kudu ditulis miring lan aksarane nggandul utawa tumemplek garis ing ndhuwur. Tuladha panulisane aksara legena kanthi tulisan tangan kaya mangkene:


Tuladha Aksara Legena Tulis Tangan

Kanggo menehi tuladha nulis aksara Jawa bisa dideleng lumantar video iki:


\ 


NGGAWE UKARA NGANGGO AKSARA LEGENA

Aksara legena ora mung bisa kanggo nulis tembung, nanging uga bisa kanggo nulis ukara. Perlu dingerteni yen ukara iku kekumpulane saka tembung, paling ora dumadi saka jejer lan wasesa.

 

Tuladhane:

  • Daraka lara mata.


  • Ana dara sanga.


  • Sapanyana nyata pana.


Cukup semene pasinaon ngenani aksara legena iki, muga-muga bisa migunani tumrap kita sami. Nuwun! (*)

No comments:

Post a Comment