Breaking

Sunday, July 25, 2021

PARAMASASTRA JAWA : WIDYA TEMBUNG – JINISE TEMBUNG

WIDYA TEMBUNG – JINISE TEMBUNG


Paramasastra Jawa iku minangka sesurupan babagan basa Jawa. Sejatine paramasastra ngrembug sakabehe sesurupan babagan basa Jawa, nanging ing kalodhangan iki ayo sinau widya tembung. Jinise tembung ing basa Jawa kaperang dadi 10 (sepuluh).

 

TEMBUNG ARAN (KATA BENDA)  

Tembung aran yaiku sarupane tembung sing mratelakake jenenge sakehe barang utawa sing dianggep barang. Tembung aran kaperang dadi loro, yaiku:

  • Barang kodrat tuladhane: manungsa, kewan, tetuwuhan
  • Barang yasan dumadi saka: (1) tembung aran sing kasat mata (kata benda kongkret), tuladhane: meja, kursi, lawang, papan tulis, kapur, tas, buku, lan sapanunggalane; (2) tembung aran sing ora kasat mata (kata benda abstrak), tuladhane: kawruh, kabudayan, katresnan, kapinteran, gagasan, lan sapanunggalane.

 

TEMBUNG KRIYA (KATA KERJA)

Tembung kriya yaiku sarupane tembung sing mratelakake penggaweyan, solah bawa, utawa obah usik. Miturut wujude tembung kriya kaperang dadi loro, yaiku:

 

Tembung kriya lingga yaiku tembung lingga sing mratelakake penggaweyan, solah bawa utawa obah-mosik. Tuladha: turu, adus, lunga, lan sapanunggalane.

 

Tembung kriya andhahan kaperang dadi telu, yaiku:

  • Tembung kriya tanduk, yaiku tembung sing oleh ater-ater {a-}, {ma-}, lan ater-ater anuswara. Tuladha: akudhung, maguru, nulis, macul, ngarang, nyapu, lan sapanunggalane.
  • Tembung kriya tanggap, yaiku tembung sing oleh ater-ater tripurusa {dak-, kok-, di-}, {ka-}, {ke-}, lan seselan {-in-}. Tuladha: daktuku, dipangan, ditulis, kawaca, kejegur, sinebut, lan sapanunggalane.
  • Tembung kriya sambawa, yaiku tembung sing ngemu surasa pegaweyan kang durung kelakon. Tembung-tembung sambawa iku lumrahe nggunakake ater-ater tripurusa {dak-, kok-, di-} lan panambang {-a}, {-na}, lan {-ana}. Tuladha: dakgawaa, koksilihna, dilakonana, lan sapanunggalane.                                   

 

TEMBUNG KAHANAN (KATA SIFAT)

Tembung Kahanan yaiku tembung sing mratelakake kepriye watak utawa sipat lan kahanane samubarang. Tembung kahanan iku ora selawase tetep dadi tembung kahanan, nanging gumantung ana ngendi panggonane ing ukara lan apa sing diterangake.

 

Miturut madege ing ukara, tembung kahanan bisa madeg dadi jejer, wasesa, lan katrangan.

 

Jejer, yen dumunung ing sangarepe tembung aran.

Tuladha:

  • Endahe Guwa Gong ngalahake Guwa Maharani.
  • Beninge watune kaya gelas kristal.

 

Wasesa, yen dumunung ing samburine tembung aran.

Tuladha:

  • Pantai Teleng Ria jembar.
  • Gununge dhuwur.

 

Katrangan, yan dumunung ing samburine tembung kriya.

Tuladha:

  • Montore mlaku alon-alon.
  • Pemandu Wisata nerangake sacetha-cethane.

 

Miturut owah-owahane tembung, tembung kahanan bisa dadi tembung aran, kriya, lan katrangan.

 

Tembung Aran

Tuladha:

  • Larane malaria.
  • Adheme kaya ing Malang.

 

Tembung Kriya

Tuladha:

  • Tukange lagi nduwurake tembok.
  • Siti lagi nyilikake klambi.

 

Tembung Katrangan

Tuladha:

  • Kreteg bungkuk.
  • Kulit kuning.

 

TEMBUNG KATRANGAN (KATA KETERANGAN)

Tembung kahanan yaiku sarupane tembung sing mratelakake tembung kriyautawa tembung kahanan  (ora mratelakake tembung aran).

Tuladha: saiki, wingi, sesuk, biyen

 

TEMBUNG WILANGAN (KATA BILANGAN)

Tembung wilangan yaiku tembung sing mratelakake cacah utawa urut-urutan. Tembung wilangan kaperang dadi rong golongan, yaiku tembung wilangan kang mratelakake cacahe barang lan tembung wilangan kang mratelakake cacahe pepangkatan.

 

Tembung Wilangan Mratelakake Cacahe Barang

Tembung wilangan kang mratelakake cacahe barang kaperang:

 

>> Tembung wilangan wutuh utawa baku

Tuladha:

  • 1          =         siji
  • 2          =         loro    
  • 3          =         telu     
  • 4          =         papat 
  • 5          =         lima    
  • 6          =         enem 
  • 7          =         pitu
  • 8          =         wolu
  • 9          =         sanga
  • 10        =         sepuluh

                       

Katrangan:

  • Cacah saluwihe sepuluh oleh wuwuhan -las, dene saluwihe rongpuluh oleh wuwuhan -likur, kajaba 25 (selawe).
  • Cacah saluwihe telungpuluh anggone ngucapake yaiku 31 (telungpuluh siji), 32 (telungpuluh loro), 33 (telungpuluh telu), lan sateruse. Semono uga saluwihe 40 (patang puluh) anggone ngucapake yaiku  41 (patangpuluh siji), 42 (patangpuluh loro), 43 (patangpuluh telu) lan sateruse.
  • Cacah tetikelane sepuluh oleh wuwuhan -puluh, kajaba 50 (seket) lan 60 (sewidak).
  • Cacah tetikelane satus oleh wuwuhan -atus.
  • Cacah tetikelane sewu oleh wuwuhan  -ewu, wondene tetikelane yuta oleh wuwuhan -yuta.

 


>> Tembung wilangan mratelakake barang sing durung genah cacahe

Tuladha: akeh, sethithik, kabeh, lan sapanunggalane.

 

>> Tembung wilangan mratelakake angka jam

Tuladha:

  • 12.00 =  jam rolas awan
  • 23.30 =  jam setengah rolas bengi
  • 13.15 =  jam siji seprapat awan

 

>> Tembung wilangan mratelakake cacah pecahan

Tuladha:

¼        =  seprapat   

½        =  setengah   

0,6       =  nem pradasan

0,475  =  patangatus pitung puluh lima praewon

 

>> Tembung wilangan mratelakake pepangkatan yaiku panganggone:


Kanggo mratelakake pepangkatane (undha usuke) wilangan nggunakake ater-ater {ka-}.

Tuladha: kapisan, kapindho (kaloro), katelu, kapapat, kalima, lan sapanunggalane.


Kanggo mratelakake kaping pira anggone tumindak, tembung wilangan oleh wuwuhan kaping utawa ping.

Tuladha: kaping pisan (ping pisan), kaping pindho (ping pindho), lan sapanunggalane.

 

TEMBUNG SESULIH (KATA GANTI)           

Tembung sesulih yaiku tembung sing minangka gegantine apa ta apa (upamane manungsa, kewan, barang utawa sing dianggep barang) kang wis dimangerteni, supaya ora bola-bali disebutake. Tembung sesulih kaperang dadi 6, yaiku:

 

Tembung Sesulih Purusa (Kata Ganti Orang)

Tembung sesulih purusa kaperang dadi 3, yaiku:

 

>> Utama purusa (sesulihe wong kapisan)

Tuladha: aku, kula, kawula, dalem, lan sapanunggalane.

  • Yen dadi ater-ater: dak-/tak-
  • Yen dadi panambang: -ku

 

>> Madyama purusa (sesulihe wong kapindho)

Tuladha: kowe, sliramu, ndika, sampeyan, panjenengan, lan sapanunggalane.

  • Yen dadi ater-ater: kok-
  • Yen dadi panambang: mu-

 

>> Pratama purusa (sesulihe wong katelu)

Tuladha: dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, lan sapanunggalane.

  • Yen dadi ater-ater: di-
  • Yen dadi panambang: e-/ne-

 

Tembung Sesulih Pandarbe Utawa Kaduwekan (Kata Ganti Milik)

Tuladha:

  • -ku      = kanggo utama purusa
  • -mu     = kanggo madyama purusa
  • -e/-ne = kanggo pratama purusa

 

Tembung Sesulih Panuduh (Kata Ganti Penunjuk)

>> Nuduhake barang

Wujude:

  • iki/puniki: barange cedhak
  • iku/kuwi/puniku: barange rada adoh
  • kae/ika/punika: barange adoh

           

>> Nuduhake wilangan

Wujude: semene, semono, semana, semanten, lan sapanunggalane.

 

>> Nuduhake wektu utawa wayah

Wujude: biyen, wingenane, wingi, mau, saiki, mengko, sesuk, suk emben, mbesuk, lan sapanunggalane.

 

>> Nuduhake papan utawa panggonan

Wujude:

  • kene/ngriki: papane cedhak
  • kono/ngriku: papane rada adoh
  • kana/ngrika: papane adoh

 

>> Nuduhake barang sing ora gumathok

Wujude: anu, si suta, si naya, si ..., lan sapanunggalane.

 

Tembung Sesulih Pitakon (Kata Ganti Tanya)

Tembung sesulih pitakon yaiku tembung sesulih sing nakokake wong, barang, panggonan, cacah, wayah, kahanan, lan liya-liyane.

 

>> Kanggo nakokake tembung aran (barang) digunakake tembung apa.

Tuladha:        

  • Apa wae sumbanganmu kanggo korban bencana banjir?
  • Adhimu mau mangan apa?

 

>> Kanggo nakokake wong digunakake tembung sapa.      

Tuladha:        

  • Sapa wae sing tiwas ing bencana banjir mau?
  • Sumbangan beras lan obat-obatan iki kanggo sapa?

 

>> Kanggo nakokake papan/panggonan digunakake tembung endi/ngendi.

Tuladha:        

  • Ngendi wae sing kena korban banjir lan tanah longsor?
  • Sumbangan sakmene akehe iki arep kokgawa menyang endi?

 

>> Kanggo nakokake cacah digunakake tembung pira utawa sepira.

Tuladha:        

  • Sumbangan dhuwit sing dikumpulake oleh pira?
  • Sepira akehe beras sing koksumbangake?

 

>> Kanggo nakokake kahanane barang utawa tumindak digunakake tembung piye, kepriye, apa sebabe utawa geneya, lan sapanunggalane.

Tuladha:

  • Piye kahanane sing kena korban bencana alam?
  • Kepriye kahanane kulawargamu sing kena korban bencana banjir ing Padang?
  • Apa sebabe kok bisa kadadeyan banjir lan tanah longsor?
  • Geneya kowe mau kok ora mlebu sekolah?         

 

TEMBUNG SESULIH PANYILAH (KATA GANTI SANDANG)

Tembung sesulih panyilah yaiku tembung sesulih kang dadi gantine tumrap manungsa utawa barang. Wujude tembung: sing tumrape manungsa, kang  manasuka (lumrahe tumrap barang)

Tuladha:

  • Wong sing dadi korban banjir ing Medan cacahe puluhan.
  • Bungkusan kang warna putih iku isine obat-obatan.

 

Tembung sesulih sadhengah yaiku tembung kang dadi gantine barang-barang kang durung genah utawa ora gumathok. Dadi mung ateges kang umum wae.

Gatekna tuladha ing ngisor iki!      

  • Mau bengi ing mburi omahku ana wong.
  • Iki wis arep riyaya, kowe duwe apa?
  • Sapa wae sing teka mrene kandhanana, yen aku lagi turu.

 

Katrangan:

  • Tembung wong, apa, lan sapa wae durung dimangerteni utawadurung cetha arane.
  • Tembung wong mratelakake sapa jenenge ora dimangerteni.
  • Tembung apa mratelakake wujude sing durung genah.
  • Tembung sapa wae mratelakake katrangan sing durung genah.


Yen tembung-tembung ing nduwur iku digawe tembung dwilingga, bab durung gumathoke saya genah banget.

Tuladha:

  • Wong-wong padha nyumbang korban bencana banjir.  
  • Wong sing kena musibah tanah longsor wingi wis ora duwe apa-apa maneh.
  • Sapa-sapa sing arep nyumbang bencana alam, enggal kumpulna.

 

Tembung-tembung liyane kang kalebu tembung sesulih sadhengah yaiku: angger, saben-saben, sawiji, apa wae, endi, ngendi wae, ngendi-endi, anu, sing sapa, sok sapaa, lan sapanunggalane.

 

TEMBUNG ANCER-ANCER (KATA DEPAN)

Tembung ancer-ancer yaiku tembung sing dienggo nyambung kriya karo enggon, papan, dunung, padunungan.   

Tuladha: ing, menyang, saka, lan sapanunggalane.

 

TEMBUNG PANGGANDHENG (KATA SAMBUNG)

Tembung panggandheng yaiku tembung sing dienggo nggandheng utawa nyambung gagasan loro utawa luwih.

Tuladha: lan, karo, sarta, nanging, mulane, banjur. supaya, sanadyan, apadene, jalaran, yen, menawa, lan sapanunggalane.

 

TEMBUNG PANYILAH (KATA BANTU UTAWA SANDANG)

Tembung panyilah yaiku tembung sing dienggo menehi sesilah utawa sandhangane tembung aran sing wis genah anane.

Tuladha: si, sang, para, lan sapanunggalane.

 

TEMBUNG PANGUWUH (KATA SERU)

Tembung panguwuh yaiku tembung sing dienggo medharake rasa pangrasa.

Tuladha: syukur, bagus, hore, hah, heh, hlo, keparat, wadhuh, setan alas, bajingan, ut, astaghfirllah, na’uzubillah, lan sapanunggalane.

 

Sugeng angudi ngelmu, nuwun! (*)

No comments:

Post a Comment