Breaking

Thursday, May 7, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 8 PARIWARA

Reklame Bahasa Jawa

Pariwara yaiku sawijine pesen ngenani barang utawa layanan (produk) sing digawe para dening produser (inisiatif) lan dikirim lumantar media (cetak, audio, elektronik) sing ditujokake kanggo masarakat. Tujuan pariwara supaya wong sing kepengin tuku utawa nggunakake barang utawa layanan iki bisa mangerteni lan tuku.


MITURUT ANCAS UTAWA TUJUWANE

  • Pariwara komersial mengku tujuwan kanggo nawakake sawijine prodhuk barang lan jasa. Lire ndayani masarakat minangka pangsa pasar supaya ketarik, rumangsa butuh, lan wusanane gelem tuku utawa nggunakake barang lan jasa sing ditawakake. Tuladhane: pariwara kang isine nawakake panganan, obat, klambi, lan sapanunggalane. 
  • Pariwara layanan masarakat minangka perangan saka kampanye sosial kang tujuwane adol gagasan kanggo kepentingan sosial lan pelayanan tumrap masarakat. Biasane arupa ajakan, pranyatan, utawa imbauan marang masarakat kanggo nindakake utawa nyegah sawijining pakarti kanggo kepentingan umum. Tuladha pariwara layanan masarakat, umpamane: ajakan supaya ora mbuwang larahan sembarangan, milah larahan miturut jinie, nyegah perkawinan dini, milih kontestan tartamtu samangsa dianakake pemilihan, lan sapanunggalane.

 

MITURUT GUNANE

  • Pariwara informatif kanthi titikan kaya mangkene, nduwe pamrih kanggo nyiptakake kesadharan, menehi informasi, lan ngenalake prodhuk anyar  utawa njelasake keunggulan prodhuk sing wis ana, menehi informasi manawa dumadi owah-owahan rega, kemasan utawa owah-owahan liyane tumrap prodhuk sing wis ana, njelasake tata rakit sawijine prodhuk  barang utawa jasa, lan ngurangi rasa was sumelang tumrap konsumen samangsa dumadi perubahan tumrap prodhuk tinamtu. Mesthine kabeh mau kanthi tujuan supaya konsumen ora banjur pindhah marang prodhuk liyane.
  • Pariwara persuasif yaiku nduweni titikan kaya mangkene, tujuwane kanggo narik kawigaten lan ndayani konsumen supaya ketarik marang prodhuk sing dipariwaraake, ngowahi persepsi konsumen, saengga sing maune ora kenal malih kenal, sing maune ora ketarik malih ketarik, sing maune anti pati malih dadi ketagihan marang prodhuk sing dipariwaraake, sarta ndayani marang konsumen sing pancen wis ketarik enggal tuku barang sing dipariwaraake.
  • Pariwara reminder yaiku nduweni titikan kaya mangkene, tujuwane kanggo nggiring konsumen supaya enggal tuku prodhuk sing dipariwaraake, ngelingake konsumen manawa sawijine wektu bakal mbutuhake banget marang prodhuk sing dipariwaraKake, ngelingake konsumen ing ngendi bisa tuku/golek barang sing dibutuhake, sarta ngrangkul konsumen supaya tansah setya dadi konsumen prodhuk sing dipariwaraake.

 

MITURUT MEDHIA

  • Pariwara above the line yaiku pariwara kang migunakake medhia massa. Maksude khalayak sasaran kang diancas jumlahe gedhe kanthi isi lan pesan kang kanggo wong akeh (serempak). Medhia kang kalebu kategori iki yaiku surat kabar, majalah, tabloid, televisi, film, radhio, dan internet.
  • Pariwara below the line iku pariwara kang migunakake medhia khusus. Kang kalebu pariwara jinis iki yaiku: leaflet, poster, spandhuk, baliho, bus panel, bus stop, point of purchase (POP), sticker, shop sign, flayers, display, lan sapanunggalane. 

Sugeng angudi ngelmu! (*)

1 comment: