Breaking

Tuesday, April 21, 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS 7 TEMBANG KREASI

Campursari

Tembang utawa lelagon kreasi iku minangka tetembangan kang ngrembaka sajrone masarakat Jawa ing jaman saiki utawa gagrag anyar. Tembang kreasi minangka tembang Jawa gagrag anyar sing ora kaiket dening paugeran guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Jinise tembang kreasi sing ngrembaka ing masarakat Jawa ana loro, yaiku tembang dolanan lan langgam campursari.

Tembang dolanan lumrahe ditembangake dening bocah-bocah cilik, utamane ing padesan sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancane lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar tembang dolanan bocah-bocah ditepungake bab sato kewan, sato iwen, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalane.

Tembang dolanan kena kanggo ngandharake pendhidhikan budi pekerti. Tembang iki akeh ngemot pitutur luhur kang bisa kanggo patuladhan urip ing alam donya. Lumrahe wulangan budi pekerti lumantar tembang luwih gampang disenengi bocah tinimbang sarana ceramah, jalaran bocah malah ora pati nggatekake.

Langgam campursari mujudake salah sijine tembang utawa lelagon kreasi sing nganti saiki isih ngrembaka lan disenengi dening masarakat. Ora mung masarakat  Jawa sing seneng, nanging warata saindenging Indonesia, malah kawentar nganti mancanegara. Ngrembakane lelagon kreasi iki diprakarsani para seniman sepuh, kayata Andjar Any, Gesang, lan Ki Narto Sabdo. Generasi penerus sabanjure diembani dening Mantos, Didi Kempot, lan para seniman mudha liyane.


STRUKTUR TEKS TEMBANG KREASI

Ora ana struktur kang gumathok kanggone tembang kreasi. Teks tembang kreasi strukture bebas, nanging wujude tembang dumati saka titi laras lan cakepan.

  • Titi laras yen ana ing istilah seni musik saemper karo tangga nada. Asale saka tembung titi kang ateges angka, tulis, notasi, utawa lambang lan Laras tegese susunan nada. Dadi titi laras iku notasi tulis, huruf, angka utawa lambang  kang nuduhake laras tartamtu. Titi laras, utawa cukup diucapake laras, kaperang dadi loro slendro lan pelog.
  • Cakepan yaiku naskah, teks, utawa syaire tembang kreasi. Cakepan tembang iki sejatine ora beda karo wangun geguritan kang banjur dilagokake.

Sugeng angudi ngelmu!


No comments:

Post a Comment