Breaking

Monday, November 14, 2022

PAWARTA : TEGES, TITIKAN, LAN PERANGAN

sasana widya guru


Pawarta yaiku sawijine teks kang isine ngenani warta utawa wara-wara kang dumadi ing bebrayan agung utawa ing donya lan dadi guneme wong akeh. Ing jaman saiki pawarta bisa diwedharake kanthi maneka warna tujuwan lan sarana, kayata digiyarake lumantar radhio lan TV, apadene artikel ing koran lan website.

 

TEGESE PAWARTA

Pawarta nduweni teges warta kang ngandhut kedaden kang lagi bae dumadi. Lumrahe teks pawarta ditulis dening wartawan utawa jurnalis. Isine pawarta bisa ditulis adhedhasar kasunyatan kang dumadi ing bebrayan agung lan sumber saka narasumber pinercaya.

 

Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) pawarta yaiku crita utawa katrangan ngenani kedaden kang lagi bae dumadi. Teks pawarta yaiku sawijine teks kanggo ngandharake warta utawa wara-wara marang bebrayan agung ngenani kedaden kang aktual (lagi bae dumadi) lan faktual (kasunyatan) kanthi cara tinulis.

 

Poerwadarminta (1939) ing Bausastra Jawa ngandharake, pawarta dumadi saka tembung lingga warta. Tembung warta padha dene tembung wartos utawa kabar. Warta tegese ngrungokake pakabaran saka ing kadohan.

 

TITIKANE TEKS PAWARTA

  • Teks pawarta iku adhedhasar kasunyatan dudu panemu utawa gagasan penulis pawarta.
  • Kedaden iku minangka kedaden kang lagi bae dumadi lan isine jangkep..
  • Kedaden kang diwartakake dudu kedaden sing ajeg, nanging arang-arang dumadi.
  • Pawarta diandharake kanthi basa kang narik kawigaten lan gampang dingerteni..

 

PERANGAN WIGATI PAWARTA

  • Lagi bae dumadi, yaiku ngandharake kedacden kang lagi bae dumadi.
  • Kasunyatan, yaiku kedaden kang diandharake kudu nyata-nyata dumadi lan dudu direka-reka.
  • Wigati, yaiku ngemot rong perkara sepisan ngenani paraga kang diwartakake lan kepindho kawigaten bebrayan agung.
  • Narik kawigaten, yaiku nuduhake perkara kang bisa ndudut ati saengga isine bisa dingerteni dening bebrayan agung.
  • 5W+1H, yaiku who (sapa), what (apa), where (ing ngendi), why (kena ngapa), when (kapan), lan how (kaya ngapa).

 

URUT-URUTANE TEKS PAWARTA

  • Judhul, yaiku irah-irahane pawarta kang diandharake lan mapan sadhuwure isi.
  • Purwaka, yaiku pambuka pawarta kang lumrahe mapan ana ing paragraf sepisan.
  • Isi pawarta, yaiku andharan wigati sajrone pawarta kang ngemot babagan perangan 5W+1H.
  • Katrangan penulis, yaiku perangan pungkasan saka penulis kang ngemot idhentitas penulis.


JINIS-JINIS PAWARTA

  • Straight news, yaiku pawarta kang antarane kedaden lan medharake warta nggunakake wektu cekak utawa ora luwih saka 24 jam.
  • Depth news, yaiku pawarta kang nduweni pengaji-aji abot, mligine tumrap kasunyatan, laku nggoleke warta (rantaman, sumadhiya, sarta nintingi), lan pangaribawane warta tumrap bebrayan agung.
  • Opinion news, yaiku pawarta kang adhedhasar panemu utawa pamawas sawijine narasumber ngenani gagasan, pamikiran, lan pamawas tumrap perkara tartamtu.
  • Interpretative news, yaiku pawarta kang diwedharake langsung kanthi diimbuhi panemu utawa pambiji saka penulis lan narasumber (kasunyatan lan panemu dadi siji).
  • Investigation news, yaiku pawarta kang diwedharake adhedhasar panliten lan asipat ilmiah.

  

Kaya mangkene pirembugan ngenani pawarta, muga-muga migunani lan matur nuwun. (*)

No comments:

Post a Comment