Breaking

Monday, August 15, 2022

SI CRUWET

Kebat kliwat gancang pincang

Dening:

Bangkit Irmanudin Bahri

 

Kebat kliwat gancang pincang

Aba saaba mung kepengin cepet

Nganti ngilangake tata krama

Ngurmati sesama wis ora ana

 

Swara cempreng kemprang-kempreng

Mekak kuping sing padha nyandhing

Ngono ora idhep isin

Jalaran wis ora nduweni tepa slira

 

Emane kok cekel kalungguhan

Mula korat-karit tatanan kang wus karantam

Alok-alok mung sajrone ati

Lelewa mung takon utawa ora ngreti

 

Embuh apa isih ora krasa?

Si cruwet, wet, wet

Ngoceh tanpa wasita

 

Surabaya, 15 Agustus 2022

 

No comments:

Post a Comment