Breaking

Wednesday, May 12, 2021

UCAPAN SELAMAT IDUL FITRI BAHASA JAWA

UCAPAN SELAMAT IDUL FITRI 1442 H


Mungkin bagi beberapa orang mengucapkan selamat Idul Fitri itu rasanya paling pas menggunakan bahasa asli di daerahnya, misalnya bagi orang Jawa yang mengucapkan selamat Idul Fitri menggunakan bahasa Jawa dengan melaksanakan sungkeman. Berikut ini ucapan selamat Isul Fitri 1442 H menggunakan bahasa Jawa yang bisa digunakan untuk referensi.

  • Mangan kupat duduhe santen, menawi lepat nyuwun pangapunten. Sugeng ariyadi Fitri 1442 H.
  • Ngaturaken sembah sungkem dhumateng panjenengan, nyuwun pangapunten, mugi-mugi kanugrahan jatining fitrah saking Gusti Allah, wilujeng idul Fitri 1442 H.
  • Sucining manah, tumatining lampah, ngaturaken sugeng riyadi Fitri 1442 H dhumateng panjenengan. Menawi wonten kalepatan, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
  • Dinten menika dinten ingkang fitrah, menawi kula gadhah kalepatan dhumateng panjenengan, kula nyuwun pangapunten. Ngaturaken sugeng riyadi Fitri 1442 H.
  • Nyuwun pangapunten sedaya kalepatan lair tulusing batin, mugi sedaya tansah pinaringan rahmatipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
  • Kawula nyuwun agunging pangapunten sedaya kalepatan kula. Ngaturaken sugeng riyadi Fitri 1442 H kagem bapak lan ibu sakulawarga mugi tansah pinaringan kasarasan lan kasantosan.
  • Ngaturaken sugeng riyadi Fitri 1 Syawal 1442 H, Taqabbalallahu minna wa minkum taqobbal ya karim, kullu amin wa antum bikhoir. Mugi Gusti Allah SWT tansah angganjar hidayah, maghfirah saha barokah dhumateng kita sedaya. Rahayu ingkang tinemu, sambada ingkang sinedya, jumbuh ingkang ginayuh.
  • Kula nyuwun agunging pangapunten sedaya kalepatan lair dumugining batin. Mboten langkung ngaturaken sugeng riyadi Fitri 1442 H, mugi Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos paring ridha lan rahmatipun dhumateng kita sedaya.
  • Dinten menika sampun dumugi riyadi Fitri 1442 H, menawi kula gadhah kalepatan ingkang dipunsengaja lan mboten sengaja dhumateng panjenengan sakulawarga. nyuwun agunging samudra pangaksami.
  • Ngaturaken sugeng riyadi Fitri 1442 H, sedaya lepat nyuwun pangapunten. Muga-muga dosaku lan dosamu dilebur ing dina riyaya iki.
  • Nadyan netra tan nyawang, lathi tan wicara, amung aksara tinata minangka duta, nyuwun gunging pangaputen lan ngaturaken sugeng riyadi Fitri 1442 H. Mugia tansah winengku karahayon lan widada ing sambikala.
  • Sugeng riyadi Gitri 1442 H ngaturaken sedaya kalepatan
  • Ngaturaken sugeng Idul Fitri 1442 H, nyuwun gunging pangapunten, mugi kita kanugrahan jatining fitrah saking Gusti Ingkang Maha Mirah, aamiin.
  • Kula ngaturaken sembah pangabekti dhumateng panjenengan, ugi nyuwun pangapunten sedaya kalepatan ingkang katingal menapa mboten katingal. Mugi mugi Allah SWT kersa anglebur dosa kula lan panjenengan ing dinten riyadi menika.

 

Nah demikian tadi contoh ucapan selamat Idul Fitri menggunakan Bahasa Jawa. Sugeng ariyadi Fitri 1442 Hijriah, nyuwun pangapunten sedaya kalepatan, nuwun! (*)

No comments:

Post a Comment