Breaking

Sunday, March 21, 2021

PANULISE AKSARA JAWA MAWA ATER-ATER ANUSWARA LAN TRIPURUSA

PANULISE AKSARA JAWA MAWA ATER-ATER


Pirembugan panulise aksara Jawa mawa ater-ater iki ngandharake tata carane nulis aksara Jawa yen ditrapake nalika ngrakit tetembungan sing ngemu ater-ater. Senajan kaya mangkono, ora sakabehe ater-ater sing bakal dirembung, nanging mung ana rong jinis bae. Jinise ater-ater sing bakal dirembung ing andharan iki yaiku ater-ater anuswara lan tripurusa. Ayo sinau bareng-bareng!

 

ATER-ATER ANUSWARA

Tumrap tembung lingga sing aksara wiwitane luluh (t, th, s, c, p, w) manawa entuk ater-ater anuswara, panulise bares wae.

Tuladha:



Tumrap tembung lingga sing wiwitane aksara j, manawa entuk ater-ater anuswara ny, ing aksara latin panulise mawa ater-ater anuswara n-, nanging ing aksara Jawa panulise tetep nganggo ater-ater anuswara ny- lan sadurunge ditambahi aksara ha.

Tuladha:



Tumrap tembung lingga sing wiwitane aksara ora luluh, panulise lumrahe ditambahi aksara ha sadurunge ater-ater anuswara kasebut.

Tuladha:



ATER-ATER TRIPURUSA

Tumrap tembung tanggap purusa kriya wantah panulise mawa aksara Jawa bares wae.

Tuladha:



Tumrap tembung lingga sing wekasane aksara sigeg (konsonan), manawa karaketake karo panambang -i utawa -ake konsonan kasebut kudu ditulis rangkep.

Tuladha:



Tumrap tembung tanggap purusa i-kriya sing wekasane aksara swara (vokal), manawa karaketake karo panambang i, panulise muncul aksara sigeg n lan kudu ditulis rangkep.

Tuladha:



Tumrap tembung tanggap purusa ke-kriya sing wekasane aksara swara (vokal), manawa karaketake karo panambang -ake, panulise bares wae.

Tuladha:


 

Sugeng angudi ngelmu! (*)

No comments:

Post a Comment