Breaking

Thursday, July 23, 2020

SINAU AKSARA REKAN

Contoh Aksara Rekan

Aksara rekan, yaiku aksara kang sengaja direka utawa digawe kanggo njangkepi cacahe Aksara Jawa kang bisa katulis nganggo aksara legena. 


GUNANE AKSARA REKAN

Gunane aksara rekan kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung kang asale saka basa Arab. Manawa ora dicethakake, yen kang katulis iku tembung manca, mung cukup katulis nganggo aksara lumrah wae. 

 

WUJUDE AKSARA REKAN

Cacahe aksara rekan iku ana lima dene wujude aksara rekan kaya ing ngisor iki.

Bentuk Aksara Rekan

Aksara rekan ora kena kanggo pasangan, kejaba aksara ‘fa’.

Aksara Fa


TATA PANULISANE AKSARA REKAN

Manawa aksara rekan karaketan sandhangan pepet, cecake telu dumunung ing sajrone pepet.

  • Tuladhane:

Aksara Rekan Konferensi

Dene yen karaketan sandhangan wulu, layar, lan cecak, cecake telu dumunung  ing sisih kiwane, sandhangan wulu, layar, lan cecak. 

  • Tuladhane:

Contoh Aksara Rekan

Aksara rekan sing duwe pasangan mung fa. Aksara rekan liyane ora bisa dadi pasangan, mula yen aksara rekan dumunung ing saburine wanda sigeg (mati), sesigeging wanda iku kudu dipangku.

  • Tuladhane:

Contoh Aksara Rekan

Sugeng angudi ngelmi!


No comments:

Post a Comment