Breaking

Monday, August 22, 2022

NATA SISWA

Piwelinge Guru


Dening:

Bangkit Irmanudin Bahri

 

Kanggo para siswa kang lagi sinau

Aja pijer mangan turu

Ngudiya sakehing ngelmu

Supaya mulya uripmu

 

Tumrap para siswa kang tansah setya

Solah tingkah kudu nglungguhi tata krama

Mituhu dhawuhe wong tuwa

Karep ben ora dadi wong duraka

 

Para siswa kang taberi

Ilangana rasa meri lan drengki

Nyata iku bakal nyrimpeti

Tumrap sesrawungan ing bangsa lan nagari

 

Gegadhanganku, dadiya manungsa kang piguna

Tumata ing panggraita

Sepi ing wicara rame ing makarya

 

Surabaya, 20 Agustus 2022

No comments:

Post a Comment